Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 12:13 - Kitab Sutji

13 Dingati-ati kowe aja nganti nyaosake kurbanmu obaran ing angger panggonan kang koksenengi;

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 12:13
11 Iomraidhean Croise  

Panjenengane tansah nglakoni apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah, sarta sugenge nulad solah-tingkahe Sang Prabu Yerobeam lan dosane kang njalari wong Israel banjur padha nglakoni dosa uga.


Mung bae bangsa iku anggone nyaosake kurban isih ana ing tetengger pangurbanan, amarga nganti ing wektu iku asmane Sang Yehuwah durung diyasakake padaleman.


Sanadyan tengger-tengger pangurbanan ora disingkirake saka ing Israel, nanging panggalihe Sang Prabu Asa ing sajege sugenge mantep ing pamadhepe.


kowe padha menyanga ing panggonan kang pinilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kagem padunungane asmane, kalawan ngladekake sabarang kang dakprentahake marang kowe, yaiku: kurban obaran, kurban sembelehan, pisungsung prasepuluhan lan pisungsung-mligi, sakehe pisungsung punagi kang pilihan, kang kokpunagekake marang Pangeran Yehuwah.


nanging mung ana ing panggonan kang bakal dipilih dening Sang Yehuwah ana ing dhaerahe salah sijining talermu, ana ing kono anggonmu padha nyaosake kurbanmu obaran, lan ana ing kono anggonmu nglakoni sabarang apa kang dakprentahake marang kowe.


Nanging panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, saka ing sakehe talermu kagem padununganing asmane, kagem njejegake asmane ana ing kono, panggonan iku golekana lan iku paranana.


Kowe padha mranaa ngladekna kurbanmu obaran lan kurbanmu sembelehan sarta pisungsungmu prasepuluhan lan pisungsungmu mligi, pisungsung punagi lan pisungsungmu manasuka, apadene pembareping sapi lan wedhusmu.


Bareng wus ketemu karo wong bani Ruben lan wong bani Gad tuwin separoning talere Manasye ana ing tanah Gilead, wong-wong iku tumuli padha dipituturi mangkene:


Sakalangkung tebih saking kula, manawi kula sami mbalela dhumateng Sang Yehuwah, utawi sami ngungkuraken Sang Yehuwah ing dinten punika, margi damel misbyah kangge kurban obaran, kurban dhaharan utawi kurban sembelehan, anjawi saking misbyah kagunganipun Sang Yehuwah Gusti Allah kula ingkang wonten ing ngajengipun Tarub-Sucinipun.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan