Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 12:11 - Kitab Sutji

11 kowe padha menyanga ing panggonan kang pinilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kagem padunungane asmane, kalawan ngladekake sabarang kang dakprentahake marang kowe, yaiku: kurban obaran, kurban sembelehan, pisungsung prasepuluhan lan pisungsung-mligi, sakehe pisungsung punagi kang pilihan, kang kokpunagekake marang Pangeran Yehuwah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 12:11
41 Iomraidhean Croise  

Manawa bangsa iku lunga caos kurban sembelehan ana ing padalemaning Sang Yehuwah ing Yerusalem, bangsa iki atine mesthi bakal mbalik marang gustine, yaiku Rehabeam, raja Yehuda.”


Kawula sapunika sampun yasa padaleman kagem Paduka, papan palereman Paduka ing salami-laminipun.”


Wiwit Ingsun ngirid umatingSun Israel metu saka ing tanah Mesir, ing antarane sakehe suku Israel ora ana kutha kang Sunpilih, kang bakal Sundegi padaleman kang dadi padalemaning asmaningSun, nanging Ingsun wus milih Dawud, supaya ngwasani umatingSun Israel.”


Mugi Paduka karsaa mirsani padaleman punika kalayan paningal Paduka, rinten kalayan dalu, inggih panggenan ingkang Paduka ngandikakaken: AsmaningSun bakal dumunung ana ing kono. Mugi Paduka karsaa midhangetaken pandonga ingkang kaunjukaken ing abdi Paduka wonten ing panggenan punika.


Dene menawa sira padha matur marang ingsun: Kawula sami ngendelaken Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula, – apa Panjenengane iku dudu kang tengger-tenggere pangurbanan lan misbyah-misbyahe wus disingkirake Hizkia kalawan tembunge marang Yehuda lan Yerusalem: Ana ing ngarepe misbyah kang ana ing Yerusalem iki anggonmu kudu padha sujud nyembah.


Sang Prabu Dawud banjur ngandika: “Ana ing kene iki padalemaning Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, lan ana ing kene iki misbyahe wong Israel kanggo saos kurban obaran.”


Paningal Paduka mugi tansah mirsanana padaleman punika, rinten kalayan dalu, tansah mirsanana panggenan ingkang Paduka ngandikakaken, bilih badhe dados padalemaning asma Paduka. Paduka mugi karsaa midhangetaken pandonga, ingkang kaunjukaken dening abdi Paduka wonten ing panggenan punika,


Sawuse mangkono Pangeran Yehuwah ing wayah bengi ngatingal marang Sang Prabu Suleman lan ngandika marang panjenengane mangkene: “Pandonganira wus Sunpiyarsakake sarta panggonan iki wus Sunpilih kagem Ingsun minangka dalem pangorbanan.


Anadene Gusti Allah kang wus ngarsakake asmane dedalem ana ing kono iku, muga ngrebahna sadhengaha ratu lan sadhengaha bangsa kang kumlawe tangane sumedya nerak putusan iki, lan ngrusak padalemaning Allah kang ana ing Yerusalem iku. Ingsun Dharius, kang ngundhangake dhawuh iki. Poma iku kaestokna temenan.”


Padha ngabektia marang Pangeran Yehuwah kalawan sukarena, padha sowan ing ngarsane kambi surak-surak!


Paduka badhe kawula saosi kurban pamuji sokur, saha badhe nyebut asmaning Sang Yehuwah.


Kawula badhe sowan lumebet ing padaleman Paduka ngaturaken kurban obaran, saha ngluwari nadar kawula konjuk dhumateng Paduka,


nanging kang dipilih taler Yahuda, Gunung Sion kang kinasihan;


Lan Ingsun padha sira yasakna pasucen, supaya Ingsun dedalem ana ing tengahira.


Karodene Ingsun bakal dedalem ana ing tengahe wong Israel sarta Ingsun bakal jumeneng Allahe.


Nanging becike sira menyanga ing PadalemaningSun ing Silo dhisik, kang biyen dadi padununganing asmaningSun, padha satitekna apa kang wus Suntandukake awit saka durakane umatingSun Israel!


mangka ora nganggo digawa menyang ing ngarepe lawangane Tarub Pasewakan prelu kacaosake minangka kurban marang Pangeran Yehuwah ana ing ngarepe Tarube Suci Pangeran Yehuwah, kang mangkono iku ditempuhna marang wong mau minangka utang getih, marga wus ngwutahake getih, wong iku katumpesa saka ing satengahe bangsane.


Dingati-ati kowe aja nganti nyaosake kurbanmu obaran ing angger panggonan kang koksenengi;


nanging mung ana ing panggonan kang bakal dipilih dening Sang Yehuwah ana ing dhaerahe salah sijining talermu, ana ing kono anggonmu padha nyaosake kurbanmu obaran, lan ana ing kono anggonmu nglakoni sabarang apa kang dakprentahake marang kowe.


Nanging anggonmu mangan iku anaa ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ing panggonan kang bakal kapilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya kowe, dalah anak-anakmu lanang lan wadon, baturmu lanang lan wadon lan wong Lewi kang ana ing wewengkonmu. Kowe padha bungah-bungaha ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah Gusti Allahmu, marga saka samubarang kang wus koktandangi.


Manawa panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kagem njejegake asmane iku kadohan saka panggonanmu, kowe kepareng nyembeleh panunggalane sapimu lan wedhusmu peparinge Sang Yehuwah marang kowe, kaya kang dakprentahake marang kowe, sarta mangana daginge ana ing panggonanmu ing sasenenging atimu.


Balik pisungsungmu kang suci lan pisungsungmu punagi iku padha gawanen menyang ing panggonan kang bakal dipilih dening Sang Yehuwah;


Nanging panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, saka ing sakehe talermu kagem padununganing asmane, kagem njejegake asmane ana ing kono, panggonan iku golekana lan iku paranana.


Ana ing panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu kagem padalemaning asmane, ana ing ngarsane kono kowe mangana pisungsung prasepuluhane gandummu, anggurmu lan lengamu, apadene pembareping sapimu utawa wedhusmu, supaya kowe sinaua tansah wedi-asih marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.


“Sadhengah pembarep lanang kang lair ana ing antarane sapimu lan wedhusmu, iku kasengkera kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu; pembarepe sapimu aja kokanggo magawe, lan pembarepe wedhusmu aja kokbathili.


Daginge iku panganen ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, saben taun, iya kowe dalah brayatmu ana ing panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah.


“Saupama ana sawijining prakara kang kokrasa angel banget pamutuse, upamane: bab raja-pati, bab gugat-ginugat, bab raja-tatu, – prakara pandakwa ing panggonanmu –, nuli kowe sebaa menyang ing papan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu;


Manawa ana wong Lewi teka saka ing salah sawijining kutha kang kalebu tlatah Israel, iya panggonane neneka, sarta kanthi karepe dhewe nekani panggonan kang bakal dipilih dening Sang Yehuwah,


kareben manggon amor kowe ana ing tengahmu, ing panggonan kang dipilih ana ing salah sawijining panggonanmu kang dikira becik; aja koktindhes.”


kowe banjur njupuka wiwitaning pametuning bumi kang wus kokklumpukake saka ing palemahanmu peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, iku wadhahana ing kranjang, banjur gawanen menyang panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kagem padalemaning asmane.


samangsa wong Israel kabeh padha nglumpuk seba ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing panggonan kang bakal pinilih dening Panjenengane, nuli kowe macaa angger-anggere Toret iki ana ing ngarepe wong Israel kabeh.


Wong Israel saumat kabeh banjur padha nglumpuk ana ing Silo sarta ngadegake Tarub Pasewakan ana ing kono, amarga nagara iku wus katelukake.


Wong Israel, banjur padha krungu pocapaning wong mangkene: “Lah bani Ruben lan bani Gad tuwin separoning talere Manasye iku padha gawe misbyah madhep marang ing tanah Kanaan, ana ing Gelilot sapinggire kali Yarden sandhinge dhaerahe wong Israel.”


“Pituture umate Sang Yehuwah kabeh mangkene: Kepriye dene kowe padha nglakoni panggawe kang ora setya marang Gusti Allahe Israel, kowe padha ngungkurake Pangeran Yehuwah yaiku anggonmu padha gawe misbyah kanggo kowe dhewe, dadine ing dina iki padha mbalila marang Sang Yehuwah?


manawi anggen kula damel misbyah punika margi sumedya badhe ngungkuraken Sang Yehuwah, utawi badhe kula angge caos kurban obaran saha kurban dhaharan, punapa dene kula angge caos kurban kawilujengan, mugi Sang Yehuwah piyambak ingkang paring piwales dhateng kula sadaya.


namung supados misbyah punika dados seksi ing antawisipun kula kaliyan panjenengan sarta ing antawisipun turun kita ing sapengker kita, bilih kula badhe sami tetep ngabekti dhumateng Sang Yehuwah wonten ing ngarsanipun mawi kurban obaran, kurban sembelehan, saha kurban kula kawilujengan; supados putra wayah panjenengan ing benjing sampun ngantos wonten tembungipun dhateng anak putu kula: Kowe padha ora duwe panduman ing ngatase Sang Yehuwah.


Sakalangkung tebih saking kula, manawi kula sami mbalela dhumateng Sang Yehuwah, utawi sami ngungkuraken Sang Yehuwah ing dinten punika, margi damel misbyah kangge kurban obaran, kurban dhaharan utawi kurban sembelehan, anjawi saking misbyah kagunganipun Sang Yehuwah Gusti Allah kula ingkang wonten ing ngajengipun Tarub-Sucinipun.”


Lan ing dina iku uga wong-wong mau padha ditetepake dening Senapati Yusak dadi tukang amek kayu lan juru pangangsu lumadi marang umat lan marang misbyahe Pangeran Yehuwah nganti tumeka saprene, ana ing panggonan kang bakal dipilih dening Panjenengane.


Elkana, kang lanang mau, nuli munggah dalah sakulawargane nyaosake kurban sembelehan taunan lan ngluwari nadare marang Sang Yehuwah.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan