Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 12:1 - Kitab Sutji

1 “Iki katetepan lan pranatan kang kudu padha koklakoni kalawan temen-temen ana ing nagara peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu marang kowe, supaya dadia darbekmu sajegmu urip ana ing donya iki.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 12:1
16 Iomraidhean Croise  

supados tiyang-tiyang wau sami ajrih dhumateng Paduka ing salaminipun sami gesang wonten ing tanah ingkang sampun Paduka paringaken dhumateng leluhur kawula sadaya.


“Manungsa iku ana ing bumi rak kayadene perang, etungane umure kaya dinane wong buruh?


Sajegku urip aku arep ngidung kagem Sang Yehuwah, salawase aku ana, aku arep ngidung masmur, konjuk marang Gusti Allahku.


Mugi-mugi lampah kawula tetep miturut pranatan Paduka.


Aku bakal ngluhurake Sang Yehuwah sajegku urip, Allahku bakal dakpuji kalawan masmur sajrone aku isih ana.


Ingsun iki Yehuwah Allahira. Padha lumakua manut ing katetepaningSun sarta padha nindakna pranataningSun kalawan setya,


kowe padha nglakonana sakehe katetepan lan pranatan kang dakluntakake marang kowe ing dina iki.”


Dingati-ati, kowe aja nganti nglirwakake marang wong Lewi, salawase kowe manggon ana ing tanahmu.


Ing nalika iku kowe padha dakprentahi mangkene: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu wus maringake nagara iki marang kowe dadi duwekmu, nanging sapira panunggalanmu kang gagah prakosa, padha nyabranga kalawan sikep gegaman ana ing ngarepe para sadulurmu, wong Israel;


lan supaya kowe aja nganti tumenga marang langit, satemah manawa kowe ndeleng srengenge, rembulan lan lintang-lintang lan sakehe wadya-bala ing langit, kowe banjur disasarake kelu sujud lan ngabekti marang iku kabeh; kang lugune malah diparingake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, marang sarupane para bangsa ing sangisore langit dadi pandumane.


Iki pepeling lan katetepan sarta pranatan kang diparingake dening Nabi Musa marang wong Israel nalika padha lumaku metu saka ing tanah Mesir;


Elinga, kowe wus padha dakwarah bab katetepan lan pranatan kaya kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahku, marang aku, supaya padha nglakoni ana ing nagara kang kokparani lan kang bakal kokejegi.


Nabi Musa banjur nimbali nglumpuk wong Israel kabeh sarta padha didhawuhi: “He wong Israel, padha ngrungokna katetepan lan pranatan kang dakgelarake marang kowe ing dina iki, supaya padha kokpindeng lan koklakoni kalawan setya.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan