PANGANDHARING TORET 11:9 - Kitab Sutji9 sarta supaya kowe padha kaparingana umur dawa ana ing tanah kang wus diprasetyakake dening Pangeran Yehuwah marang para leluhurmu kalawan supaos, yen bakal kaparingake marang para leluhurmu lan marang turune, sawijining nagara kang luber puwan lan madu. Faic an caibideil |
Ora marga saka lelabetan utawa saka jujuring atimu anggonmu lumebu ngejegi nagarane, nanging marga saka pamblasare para bangsa iku, Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, anggone nundhungi metu saka ing ngarepmu, sarta maneh supaya netepana prajanjine kang wus didhawuhake kalawan supaos marang para leluhurmu yaiku Rama Abraham, Rama Iskak lan Rama Yakub.