Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 11:8 - Kitab Sutji

8 “Mulane padha netepana sakehe angger-angger kang dakluntakake marang kowe ing dina iki, supaya kowe padha kaconggaha lumebu lan ngejegi nagara kang kok parani lan bakal kokenggoni,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 11:8
19 Iomraidhean Croise  

Sareng kawula sesambat, Paduka lajeng nyembadani kawula, Paduka mewahi kasantosan wonten ing manah kawula.


Sira ngajenana bapa-biyungira, supaya didawakna umurira ana ing tanah peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira marang sira.


nanging wong kang padha nganti-anti marang Pangeran Yehuwah kaparingan kakuwatan anyar: padha mabur mumbul kaya manuk garudha kalawan kakuwataning swiwine; padha lumayu lan ora nganti lesu, padha lumaku nanging ora sayah.


kalawan ngandika: “Heh wong kang kinasihan, aja wedi, tentrem rahayu anaa ing kowe, sing santosa, sing santosa!” Sajrone aku dipangandikani mangkono iku, aku rumangsa banjur dadi kuwat maneh lan matur: “Kawula aturi ngandika, dhuh Bendara kawula, awit kawula sampun kaparingan kakiyatan.”


Aku ndedonga, supaya Panjenengane saka gunging kamulyane nguwatake lan nyantosakake kowe dening Rohe ing batinmu,


Wasana, padha dadia santosa ana ing patunggilane Gusti, lan ing kasektening panguwasane.


Mripatmu dhewe rak padha weruh sakehe pandamele Pangeran Yehuwah kang linuwih kang katindakake.”


“Sarehne kowe ora gelem dadi abdine Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan bungah lan legawaning ati, sanadyan wus kaluberan ing samubarang kabeh,


Pangeran tumuli paring dhawuh marang Sang Yusak bin Nun, pangandikane: “Disantosa lan ditatag atimu, sabab sira bakal ngirid lakune wong Israel lumebu ing nagara kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos marang wong-wong iku, sarta Ingsun kang bakal nunggil marang sira.”


Sarta ing nalika iku aku iya didhawuhi dening Sang Yehuwah mulangake katetepan lan pranatan, supaya iku padha koklakoni ana ing tanah kang bakal kokparani lan bakal kokejegi.


Sakehing prakara bisa daksangga ana ing Panjenengane kang paring kakuwatan marang aku.


lan maneh kowe padha kasantosakna sarana kakuwatan panguwasaning kamulyane Pangeran, supaya bab anggonmu ngrasakake samubarang kabeh kalawan tumemen lan sabar.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan