Sadhela engkas kowe bakal padha nyabrang ing bengawan Yarden, lumebu lan ngejegi nagara peparinge Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe; dene samangsa nagara iku wus kelakon padha kokenggoni lan kokebeki,
“Iki katetepan lan pranatan kang kudu padha koklakoni kalawan temen-temen ana ing nagara peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu marang kowe, supaya dadia darbekmu sajegmu urip ana ing donya iki.
Saupama sadulurmu lanang, anake biyungmu utawa anakmu lanang utawa wadon, utawa somahmu dhewe utawa mitramu, kalawan dhedhemitan mbujuk marang kowe, pangucape: Payo padha ngabekti marang allah liyane, kang padha ora kokwanuhi lan iya ora diwanuhi dening para leluhurmu,
“Mulane saiki, he wong Israel, padha ngrungokna katetepan lan pranatan kang dakwarahake marang kowe supaya padha koklakoni, temah kowe lestari urip sarta padha lumebu lan ngejegi nagara peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, marang kowe.
Elinga, kowe wus padha dakwarah bab katetepan lan pranatan kaya kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahku, marang aku, supaya padha nglakoni ana ing nagara kang kokparani lan kang bakal kokejegi.
Dingati-ati, aja nganti lali marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, nganti ora netepi pepakene, pranatane lan katetepane kang dakluntakake marang kowe ing dina iki;