Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 11:30 - Kitab Sutji

30 Karo-karone rak kaprenah ana ing sakulone bengawan Yarden, ing saburine dalan gedhe ing sisih surupe srengenge, ana ing nagarane wong Kanaan kang manggon ana ing Araba-Yordan, ing penere Gilgal, cedhak wit elon ing More?

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 11:30
6 Iomraidhean Croise  

Rama Abram banjur ndlajahi tanah mau nganti tutug ing panggonan ing sacedhake Sikhem, yaiku ing sacedhake wit terbantin ing More. Nalika samana kang ngenggoni tanah kono bangsa Kanaan.


saka ing Bet-Gilgal, saka ing ara-ara ing Geba lan Asmawet, awit para pasindhen mau padha ngadegake desa-desa ana ing sakubenge Yerusalem.


Bangsa mau anggone mentas saka ing bengawan Yarden mbeneri tanggal ping sepuluh sasi kapisan; banjur padha lereb ana ing Gilgal, ing tapel-watese Yerikho kang sisih wetan.


Sang Yehuwah banjur ngandika marang Senapati Yusak: “Ing dina iki kanisthaning Mesir wus Sunbirat saka sira.” Mulane panggonan kono iku katelah aran Gilgal nganti saiki.


Bareng wayah esuk Sang Yerubaal – yaiku Sang Gidheon – sabalane kabeh kang ndherekake banjur budhalan sarta makuwon ana ing sacedhake sendhang Harod; dene pakemahane wong Midian ana ing salore, sandhing gunung More, ing lebak.


Bareng Sang Yotam kawartanan bab lelakon iku mau, tumuli tindak sarta mapan ing pucaking gunung Gerizim, banjur nguwuh-uwuh kalawan swara seru marang wong-wong mau, mangkene: “Lha mugi sami midhangetna atur kula, dhuh para ingkang sami manggen ing kitha Sikhem, supados Gusti Allah inggih miyarsakna atur panjenengan ugi.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan