Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 11:22 - Kitab Sutji

22 Sabab manawa kowe padha temen-temen netepi surasane angger-angger kang dakluntakake marang kowe supaya padha koklakoni iku, sarta tresna marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan lumaku ing sakehing dalan kang ditedahake, apadene rumaket marang Panjenengane,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 11:22
13 Iomraidhean Croise  

Mulane wong lanang bakal ninggal bapa-biyunge lan rumaket marang bojone, sarta sakarone iku bakal dadi daging siji.


dhawuh pepenget Paduka kawula gondheli; dhuh Yehuwah, kawula mugi sampun Paduka wirangaken.


Paring wangsulane Gusti Yesus: “Sira tresnaa marang Pangeran Allahira kalawan gumolonging atinira, lan gumolonging nyawanira, sarta gumolonging budinira.


Bareng wis tekan ing kono lan nyumurupi sih-rahmating Allah, Barnabas bungah sarta mituturi marang wong-wong mau, supaya padha tetep setya marang Gusti,


Wedi-asiha marang Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, ngabektia lan rumaketa marang Panjenengane, sarta anggonmu nglairake sumpah iya demia asmane.


“Kowe kudu padha tresna marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan netepana apa kang dadi kuwajibanmu marang Panjenengane kanthi temen-temen, yaiku sakehe katetepane, pranatane lan pepakene.


Manawa kowe kanthi temen-temen anggonmu ngestokake pepakon kang dakluntakake marang kowe ing dina iki lan padha tresna lan ngabekti marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu,


– anggere kowe nglakoni pepakon iki kalawan temen-temen, iya kang dakprentahake marang kowe ing dina iki, apamaneh nresnani marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan tansah ngambah dalan pitedahe –, kutha telu mau banjur wuwuhana telu maneh,


kalawan nresnani marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ngrungokake marang pangandikane sarta rumaket marang Panjenengane; marga yaiku kang njalari uripmu lan dawane umurmu ana ing tanah kang wus diprasetyakake dening Pangeran Yehuwah kalawan supaos, marang para leluhurmu yaiku: Eyang Abraham, Iskak lan Yakub, yen bakal kaparingake.”


Prentahe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku padha tetepana, mangkono uga pepenget lan katetepane kang wus didhawuhake marang kowe;


Saiki aku wus ginantungan makuthaning kayekten, kang bakal kaparingake marang aku dening Gusti, Sang Hakim kang adil, ing Dinane, tur ora mung marang aku bae, nanging uga marang sakehing wong kang padha cecengklungen marang rawuhe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan