PANGANDHARING TORET 11:2 - Kitab Sutji2 Saiki kowe padha sumurup – kang daktuturi iku dudu anak-anakmu, kang padha ora ngerti lan padha ora weruh marang pamerdine Sang Yehuwah, Gusti Allahmu –, kaluhurane astane kang rosa lan lengen kang kaulukake, Faic an caibideil |
Nanging margi saking pitulunganipun Gusti Allah, kawula saged gesang ngantos dumugi sapunika sarta saged nglairaken paseksen dhateng tiyang-tiyang alit saha dhateng para pangageng. Wondene ingkang kawula wartosaken punika boten sanes kajawi ingkang saderengipun sampun kawartosaken dening para nabi lan ugi dening Nabi Musa,
Karomaneh apa tau ana allah kang rawuh mundhut bangsa saka satengahe bangsa liya dadi kagungane, srana nindakake panyoba lan pratandha sarta kaelokan apadene perang, kalawan asta kang rosa lan lengen kang kaulukake lan kalawan pagiris kang ngedab-edabi, kaya kang wus ditandukake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, kanggo kowe ana ing Mesir kang padha koksipati?
sarta padha matur: Saestu, Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, sampun ngatingalaken kamulyan lan kaluhuranipun dhateng kita, sarta kita sampun sami mireng sabdanipun saking ing satengahing latu. Ing dinten punika kula sampun sami nekseni, bilih wonten manungsa ingkang dipun pangandikani dening Gusti Allah, mangka kok saged lestantun gesang.
yaiku pangrencana-pangrencana kang gedhe, kang wus koksipati dhewe, apadene pratandha-pratandha lan kaelokan sarta asta kang rosa lan lengen kang kaulukake, kang dadi sranane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, anggone ngentasake kowe; iya kaya mangkono uga bakal pandamele Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, marang sakehe bangsa kang kokwedeni iku.