Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 11:18 - Kitab Sutji

18 Mulane pituturku iki padha simpenen ana ing atimu lan ing nyawamu, sarta padha talenana minangka pratandha ing tanganmu, padha dadia tenger ana ing sela-selane mripatmu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 11:18
15 Iomraidhean Croise  

Janji Paduka kawula simpen ing salebeting manah, supados kawula sampun ngantos damel dosa dhumateng Paduka.


Pranatan iku dadia pratandha ana ing tanganmu, lan tetenger ing bathukmu, awitdene klawan asta kang rosa Pangeran Yehuwah anggone ngentasake kita saka ing tanah Mesir.”


Pranatan iki dadia pratandha ana ing tanganmu, lan tetenger pangeling-eling ana ing bathukmu, supaya angger-anggere Pangeran Yehuwah ana ing lambemu. Awitdene klawan asta kang rosa Pangeran Yehuwah anggone ngentasake kowe saka ing tanah Mesir.


He anakku, aja lali marang piwulangku, sarta atimu ngopenana sakehing pepakonku,


Katresnan lan kasetyan muga aja nganti ninggal kowe, iku kalungna ing gulumu, catheten ana ing papaning atimu;


Karo maneh Ingsun bakal maringi padha tunggal budi lan tunggal tindak-tanduk, temah padha sumuyud marang Ingsun ing sauruting jaman murih becike saturun-turune besuk.


Sakabehing tindak-tanduke iku mung supaya bisaa katon ing wong; nganggo tali sembahyang amba, nganggo gombyok dawa-dawa.


banjur mangandikani mangkene: “Kowe padha nggatekna apa kang wus dakpituturake marang kowe ing dina iki, supaya kokprentahake marang anak-anakmu, padha konen nglakoni kanthi temen-temen sakehe pangandikane angger-anggering Toret iki.


Muga pangandikane Sang Kristus dumunung ana ing antaramu kalawan luber, satemah anggonmu padha wuruk-winuruk lan eling-ingelingake nganggo sakehing kawicaksanan apadene sinambi nglagokake masmur lan puji-pujian sarta kidung kasukman, kowe padha saos sokur marang Gusti Allah sajroning atimu.


Marga saka iku kita kudu luwih tliti anggon kita nggatekake apa kang wus kita rungu, supaya kita ora kentir katut ilining banyu.


Mulane aku tansah bakal ngelingake kowe marang bab iku mau kabeh, sanadyan kowe iya wis padha sumurup sarta wis padha santosa ing sajrone kayekten kang wus koktampani.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan