PANGANDHARING TORET 11:17 - Kitab Sutji17 Yen kaya mangkono, bebendune Sang Yehuwah bakal mulad-mulad marang kowe sarta langit bakal kainebake, temah ora ana udan lan bumi ora aweh pametu, sarta kowe enggal padha tumpes sirna saka ing nagara kang becik peparinge Pangeran Yehuwah marang kowe. Faic an caibideil |
Awitdene Ingsun bakal ngirid lakune lumebu ing tanah kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos marang para leluhure, yaiku tanah kang luber puwan lan madu; nanging samangsa wus padha mangan nganti wareg lan dadi lemu, nuli bakal padha marani allah liyane, lan ngabekti marang iku. Ingsun bakal disepelekake lan prasetyaningSun diselaki.