Pangandikane Sang Prabu Akhab marang Sang Obaja: “Nagara iki dlajahana lan sakehe sumber lan sakehing kali paranana, bokmanawa kita isih oleh suket kanggo nguripi jaran lan bihal sarta ora usah mateni kewan iku siji-sijia.”
Paduka ingkang nuwuhaken rumput kangge sato-kewan, saha tetuwuhan, supados kapigunakaken dening manungsa, temah ngedalaken tetedhan saking ing salebeting siti,
Pangeran Yehuwah banjur paring wangsulan lan ngandika marang umate: “Lah, sira bakal Sunkintuni gandum, anggur lan lenga, lan sira bakal mangan nganti wareg. Ingsun ora bakal ndadekake sira dadi cacadan maneh ana ing antarane bangsa-bangsa.
He, sato-kewan ing ara-ara, aja padha wedi dene pangonan ing ara-ara padha ijo riyo-riyo, wit-witan padha metu wohe, wit anjir lan wit anggur padha menehake kasugihane.
Sira bakal padha mangan akeh, nganti wareg, sarta sira bakal memuji asmane Sang Yehuwah, Allahira, kang wus nandukake kaelokan marang sira, karodene umatingSun ora bakal nandhang wirang ing salawas-lawase.
Mangsane angonira padha nutu bakal nganti nyandhak mangsane ngundhuh anggur lan olehe ngundhuh anggur bakal nganti tumeka mangsane nyebar. Anggonira padha mangan bakal nganti wareg, lan pamanggonira ana ing tanahira bakal kanthi ayem lan tentrem.
Sira iku nyebar akeh, nanging sathithik oleh-olehane kang sira gawa mulih; sira mangan, nanging ora nganti wareg; anggonira ngombe ora nganti marem; anggonira nyandhang, ora nganti anget awakira; apadene wong kang buruh, sawuse nyambutgawe anggone nyimpen buruhane ana ing kanthong kang bolong!
sarta omah-omah kang kebak isi dandanan warna-warna kang becik, mangka dudu kowe kang ngiseni; sarta sumur-sumur mangka dudu kowe kang ndhudhuk, apadene pakebonan anggur lan pakebonan jaitun kang dudu tanduranmu –, lan samangsa kowe wus mangan nganti wareg,
Kowe bakal mangan nganti wareg, lan kowe banjur bakal padha ngluhurake Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marga saka nagara kang becik kang diparingake marang kowe iku.