Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 11:14 - Kitab Sutji

14 mesthi Panjenengane bakal maringi udan ing tanahmu ing saben mangsane, iya udan wiwitan lan udan kang wekasan, satemah kowe bakal nglumpukake gandummu, anggurmu lan lengamu;

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 11:14
15 Iomraidhean Croise  

Pangeran Yehuwah bakal banjur paring udan marang wiji kang lagi bae koksebar ing pategalanmu, lan kowe bakal mangan roti kang enak lan akeh banget saka ing pametune tanah iki. Ing wektu iku raja-kayamu bakal nyenggut ing ara-ara kang jembar;


Saking panunggilanipun para dewaning para bangsa, ingkang tanpa gina punika, punapa wonten ingkang saged ndhawahaken jawah? Punapa langit piyambak saged nyukani jawah deres? Rak namung Paduka piyambak, dhuh Sang Yehuwah, Allah kawula, Andel-andel kawula ingkang nindakaken prakawis punika sadaya?


Ing sajroning atine ora padha mosik: Prayogane kita padha wedi marang Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, kang paring udan ing kalamangsane, udan ing wiwitan lan wekasaning mangsa, lan netepake mangsa panen kang mesthi kanggo kita.


Ingsun bakal ndadosake wedhus-wedhus iku lan kabeh kang ana ing sakubenge gunungingSun dadi berkah; Ingsun bakal paring udan ing pepancene wektune; iku udan kang nggawa berkah.


Pangeran Yehuwah banjur paring wangsulan lan ngandika marang umate: “Lah, sira bakal Sunkintuni gandum, anggur lan lenga, lan sira bakal mangan nganti wareg. Ingsun ora bakal ndadekake sira dadi cacadan maneh ana ing antarane bangsa-bangsa.


Manawa lakunira padha miturut ing pranataningSun sarta tansah padha gondhelan marang prentahingSun, lan nindakake iku,


mesthi sira bakal Sunparingi udan ing kalamangsane, satemah palemahanira bakal aweh pametu lan wit-witan ing pakebonanira bakal metu wohe.


Anadene walang memangsa bakal Sungusah, supaya aja nganti ngentekake pametune palemahanira, sarta wit anggur ing kebonira aja nganti ora awoh, – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi –


nanging Panjenenganipun inggih tansah ngatingalaken kamirahanipun, inggih punika anggenipun maringi jawah sarta mangsa mirah dhateng panjenengan sadaya saking ing langit, sarta panggalih panjenengan tinuwukan ing tedha lan kabingahan.”


Sang Yehuwah bakal mbikak pasimpenaning kamirahane kang luber, yaiku langit, supaya tanahmu kaparingan udan ing kala mangsane lan mberkahi sakehe pagaweanmu, temah kowe bakal ngutangi marang bangsa akeh, nanging kowe dhewe ora bakal utang.


Kang iku para sadulur, padha disabar nganti tumeka rawuhe Gusti! Sajatine wong tani iku nganti-anti marang pametuning bumine kang adi sarta disrantekake, nganti tekane udan ing mangsa rontog lan ing mangsa semi.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan