PANGANDHARING TORET 11:1 - Kitab Sutji1 “Kowe kudu padha tresna marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan netepana apa kang dadi kuwajibanmu marang Panjenengane kanthi temen-temen, yaiku sakehe katetepane, pranatane lan pepakene. Faic an caibideil |
“Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi ngandika mangkene: Manawa sira ngambah ing dalan pitedahingSun lan netepi kuwajiban kang Sunparingake marang sira, sira bakal mengku padalemaningSun lan ngreksa plataraningSun, apadene sira Sunparengake lumebu ana ing tengahe kang padha ngadeg leladi ana ing kene.
“Kang iku, he wong Israel, apa kang dadi pundhutane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, ora liya mung supaya kowe padha wedi-asiha marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lumakua ana ing dalan kang ditedahake, sarta tresnaa lan ngabektia marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging ati lan gumolonging nyawamu;