Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 10:9 - Kitab Sutji

9 Mulane taler Lewi iku ora oleh panduman tanah-pusaka ana ing antarane para sadulure; Pangeran Yehuwah kang dadi pusakane, kaya kang wus dipangandikakake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 10:9
9 Iomraidhean Croise  

Para imam ora oleh panduman pusaka, amarga Ingsun kang dadi pusakane, sarta aja diwenehi tanah ana ing Israel, awit Ingsun kang dadi pandumane.


Anadene wonge kang padha kacacahake iku ana telu likur ewu, yaiku sakehe kang lanang kang umur sasasi sapandhuwur; marga anggone kacacahake ora bebarengan karo wong Israel liyane, awit padha ora kapanduman tanah pusaka ana ing antarane wong Israel.


Kowe ora duwe panduman utawa wewenang tumrap prakara iki, amarga atimu ora jujur ana ing ngarsane Gusti Allah.


Kowe nuli padha bungah-bungaha ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya kowe dhewe, iya anak-anakmu lanang lan wadon, batur-baturmu lanang lan wadon, dalah wong Lewi kang dedunung ana ing panggonanmu, marga iku ora melu nduweni tanah pusaka ing tengahmu.


Uga wong Lewi kang manggon ana ing antaramu iku aja nganti koklirwakake, marga iku padha ora oleh panduman tanah-pusaka bebarengan karo kowe.


nuli bani Lewi kang ora oleh panduman tanah-pusaka kaya kowe iku, apadene wong bangsa liya kang neneka, anak yatim sarta randha kang ana ing panggonanmu, iku bakal padha mara lan mangan nganti wareg; iku supaya kowe diberkahana dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu tumrap sakehe pagawean kang koktindakake.”


Amarga taler kang loro satengah iku wus padha diparingi tanah-pusaka dening Nabi Musa ana ing sabrange bengawan Yarden; mung wong Lewi kang padha ora diparingi tanah-pusaka ana ing tengahe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan