PANGANDHARING TORET 10:8 - Kitab Sutji8 Ing nalika samana Pangeran Yehuwah milih taler Lewi kadhawuhan ngusung pethining prasetyan, ngladosi Pangeran Yehuwah sarta andum berkah atas asmane, nganti tumeka ing dina iki. Faic an caibideil |
Para putrane Rama Amram yaiku Rama Harun lan Nabi Musa; Rama Harun kapatah ngurus apa kang suci pinunjul, iya iku panjenengane dalah para turune, nganti ing salawas-lawase, yaiku ngobong kurban ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah, lelados marang Panjenengane sarta andum berkah demi asmane, nganti ing salawas-lawase.
Mulane paring wangsulane Sang Yehuwah mangkene: “Manawa sira gelem mratobat, Ingsun bakal mbalekake sira ngadhep ana ing ngarsaningSun maneh, lan manawa sira ngucapake apa kang aji sarta ora asor, sira bakal dadi lesaningSun. Sanadyan wong iku padha bali marani sira, nanging sira ora prelu bali marang wong iku.
Sawuse Harun lan para anake rampung anggone nutupi barang-barang lan sakehe pirantine pasucen kabeh, samangsa arep budhalan, wong bani Kehat lagi kena lumebu prelu ngusungi barang-barang iku, nanging aja nganti nggepok samubarang kang suci iku, supaya aja nganti nemahi pati. Dadi iku barang-barang ing Tarub Pasewakan kang kudu diusung dening bani Kehat.