6 Wong Israel tumuli padha budhal saka Beerot Bene-Yaakan menyang ing Mosera; ana ing kono Kamas Harun seda lan disarekake iya ana ing kono, dene kang putra Eleazar kang nggenteni dadi imam.
manawa sira padha ngunekake tengara kaping pindhone, umat kang manggon ing sisih kidul iku padha budhala; manawa budhal padha nganggoa tengara ngganter.
Nalika iku Imam Harun minggah ing gunung Hor awit saka dhawuhe Pangeran Yehuwah, banjur seda ana ing kono, ing taun kaping patang puluh kaetung saka budhale wong Israel saka ing tanah Mesir, ing sasi kalima, ing tanggal sapisan.