Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 10:21 - Kitab Sutji

21 Panjenengane iku kang dadi underaning pepujianmu, iya Panjenengane iku Gusti Allahmu, kang wus nindakake pandamel kang linuwih lan nggegirisi, kang wus padha koksipati dhewe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 10:21
18 Iomraidhean Croise  

Lan pundi wonten bangsa ingkang kados umat Paduka Israel ing salumahing bumi, ingkang Gusti Allahipun tumindak ngluwari bangsa punika, kadadosaken umatipun, supados angsala asma kagem Panjenenganipun srana nindakaken pakaryan-pakaryan ingkang ageng lan nggegirisi kangge tiyang-tiyang punika, lan nundhungi para bangsa lan para allahipun saking ngajenging umatipun?


Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud. Dhuh Allah pepujan kawula, Paduka mugi sampun kendel,


Tiyang kathah sami badhe nggiyar-nggiyaraken kakiyataning pakaryan Paduka ingkang nggegirisi, sarta kaluhuran Paduka badhe kawula cariyosaken.


Sungune umate wus kaluhurake, dadi kidung pepujian tumrap sakehing wong kang dikasihi, tumrap wong Israel, umat kang rumaket marang Panjenengane. Haleluya!


Dhuh Allah kawula, ing wanci siyang kawula sesambat, nanging Paduka boten paring wangsulan, ing wanci dalu makaten ugi, nanging kawula inggih boten tentrem.


Pangeran Yehuwah iku kakuwatanku lan masmurku, kang dadi kaslametanku. Panjenengane iku Gusti Allahku kang dakalembana, Panjenengane iku Gusti Allahe bapakku kang dakluhurake.


Pangeran Yehuwah tumuli ngandika: “Lah Ingsun nganakake prajanjian. Ana ing ngarepe bangsanira kabeh, Ingsun bakal nindakake kaelokan kang durung tau kelakon ana ing salumahing bumi ing satengahe sakehe bangsa; temah bangsanira kabeh bakal padha nyipati pakaryaning Yehuwah, awitdene apa kang bakal Suntindakake marang sira iku nyata-nyata nggegirisi.


Srengenge ora bakal dadi kang aweh pepadhang maneh ing wayah awan tumrap sira lan cahyaning rembulan ora bakal aweh pepadhang maneh ing wayah bengi, nanging Pangeran Yehuwah bakal dadi pepadhang langgeng tumrap sira, sarta Gusti Allahira bakal dadi kaluhuranira.


amargi Paduka nindakaken bab ingkang nggegirisi ingkang boten sami kawula ajeng-ajeng, ingkang ing wiwit jaman kina dereng nate kapireng ing tiyang!


Dhuh Sang Yehuwah, kawula mugi Paduka sarasaken, temah kawula badhe saras; kawula mugi Paduka wilujengaken, temah kawula badhe wilujeng, amargi Paduka punika pepujan kawula!


inggih punika pepadhang ingkang minangka wedharan tumrap bangsa-bangsa sanes saha ingkang dados kamulyaning umat Paduka, Israel.”


Sang Yehuwah ingkang sampun nundhungi sakathahipun bangsa saha tiyang Amori, ingkang manggen ing nagari ngriki saking ngajengan kula. Kula inggih sami badhe ngabekti dhumateng Pangeran Yehuwah, amargi inggih Panjenenganipun punika Gusti Allah kita.”


Sarta maneh kutha iku ora mbutuhake padhanging srengenge lan rembulan, amarga cahya kamulyane Gusti Allah kang madhangi lan Sang Cempe kang dadi damare.


Mung bae kowe wedia marang Sang Yehuwah lan ngabektia klawan tumemen marang Panjenengane lan klawan gumolonging atimu, amarga sumurupa, sapira gedhene prakara-prakara kang katindakake ana ing antaramu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan