Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 10:2 - Kitab Sutji

2 Papan mau bakal Sunserati pangandika kaya kang maune ana ing papan kang dhisik kang wus sira pecah; nuli padha sira selehna ana ing jero pethi iku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 10:2
9 Iomraidhean Croise  

Ing sajroning pethi iku ora ana apa-apane kajaba mung watu blabagan loro kang didekek ing jero kono dening Nabi Musa ana ing gunung Horeb, yaiku watu blabagan kang katulisan prajanjian kang dianakake dening Sang Yehuwah kalawan wong Israel nalika padha metu saka ing tanah Mesir.


Ing sajrone pethi kono ora ana apa-apane kejaba mung papan loro kang dilebokake ing kono dening Nabi Musa ana ing gunung Horeb, nalika Pangeran Yehuwah damel prajanjian karo wong Israel, ing sajrone padha lelaku sawuse metu saka ing tanah Mesir.


Kacarita bareng wus cedhak ing palereban, sarta mirsa reca pedhet lan wong-wong padha jejogedan, Nabi Musa banjur duka banget, nganti papan watu loro mau dibanting, temah pecah ana ing sikile gunung.


Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Sira mrejenga papan watu loro kaya kang dhisik, papan mau bakal Sunserati pangandika padha kaya kang ana ing papan sakawit kang wus sira remuk iku.


Papan angger-anggering Allah banjur dipundhut lan kaselehake ana ing jero pethi, pethine banjur dietrapi pikulan lan ditumpangi tutup pangruwatan.


Aku nuli mudhun saka ing gunung, sarta papane tumuli dakselehake ing sajrone pethi olehku gawe; iya ana ing kono sumelehe, miturut dhawuhe Pangeran Yehuwah marang aku.


Kowe padha diparingi sumurup prasetyane, kang kadhawuhake supaya koklakoni, yaiku Pangandika Sapuluh kang tumuli kaserat ing papan watu loro.


Ing kono ana misbyahe padupan emas sarta pethi prasetyan kang kalapis emas bleg; ing jerone ana gucine emas isi manna sarta lantarane Imam Agung Harun kang wus tau semi sarta watu blebekan prasetyan,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan