PANGANDHARING TORET 10:19 - Kitab Sutji19 Mulane kowe iya padha nandukna katresnan marang wong ngamanca, marga kowe biyen iya wus ngalami dadi wong manca ana ing tanah Mesir. Faic an caibideil |
Iku kudu sira bage dadi tanah-pusaka ana ing antaranira kabeh lan ana ing antarane para wong manca kang padha manggon ana ing tengahira, kang padha anak-anak ing satengahira, sarta iku kudu sira rengkuh padha kayadene wong Israel asli; iku iya kudu oleh bagean tanah pusaka ana ing satengahe suku-suku Israel.
Nanging kowe, padha tresnaa marang satrumu, padha becikana sarta silihana tanpa pangarep-arep piwelase, temah bakal gedhe ganjaranmu, apamaneh kowe bakal padha dadi putraning Allah Kang Mahaluhur, amarga Panjenengane nindakake kasaenan marang wong kang padha ora weruh ing kabecikan lan para wong ala.