Mulane sira muga padha kalimputana ing rasa wedi marang Sang Yehuwah. Sira padha tumindaka kalawan ngati-ati, awit pratingkah culika, ngeloni utawa nampani besel iku ora tinemu ana ing Sang Yehuwah, Gusti Allah kita.”
Padha ngidunga kagem Gusti Allah, asmane luhurna kalawan masmur, gawea dalan kagem Panjenengane, kang ngagem titihan kang nratas ing mega! Asmane yaiku Yehuwah, bungah-bungaha ana ing ngarsane!
Padha ngaturna kaduwungmu, sarta mratobata marang Sang Yehuwah, munjuka marang Panjenengane: “Paduka mugi karsaa ngapunten sakathahipun kalepatan, ingkang sae mugi lajeng kaparingna, nunten kawula sami badhe ngunjukaken pangaken kawula.
“Saupama sadulurira ana kang tumiba ing kamlaratan, nganti wus ora bisa ngglawat ana ngarepira, iku kabantua, dipadha kaya wong manca utawa wong neneka, supaya bisa lestari urip ana ing tengahira.
supaya kowe padha katitika, yen dadi putrane Ramamu kang ana ing swarga, kang mlethekake srengenge marang wong ala lan wong becik, sarta nurunake udan marang wong kang ambek adil lan kang ora.
nanging Panjenenganipun inggih tansah ngatingalaken kamirahanipun, inggih punika anggenipun maringi jawah sarta mangsa mirah dhateng panjenengan sadaya saking ing langit, sarta panggalih panjenengan tinuwukan ing tedha lan kabingahan.”