PANGANDHARING TORET 10:17 - Kitab Sutji17 Awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku Allahe para allah lan Gustine para gusti; Allah kang agung lan kang santosa sarta nggegirisi, kang ora mawang wong lan nampeni besel; Faic an caibideil |
Sawuse kabeh dakulatake, aku tumuli ngadeg mituturi marang para pemimpin lan para panggedhe tuwin wong akeh liyane: “Sampun sami ajrih dhateng tiyang-tiyang punika, sami engeta dhateng Gusti Allah ingkang mahaagung lan nggegirisi sarta sami nglampahana perang nglabuhi sadherek-sadherek panjenengan, para putra panjenengan jaler estri, garwa panjenengan lan pemahan panjenengan.”
Lah sapunika, dhuh Allah kawula, Gusti Allah ingkang mahaagung, santosa lan nggegirisi, ingkang ngekahi ing prasetya saha sih-kadarmanipun, sampun ngantos Paduka galih remeh sakathahing kasisahan ingkang sampun sami kawula sandhang, inggih ratu-ratu kawula, panuntun-panuntun kawula, imam-imam kawula, nabi-nabi kawula, saha para leluhur kawula, malah inggih umat Paduka sadaya, wiwit jamanipun para raja ing Asyur dumugi sapunika.
Gedhe pangwaose, tuwin tentrem rahayu bakal tanpa wekasan ana ing dhampare Sang Prabu Dawud lan ana ing karajane, awit iku kadhasarake lan kasantosakake kalawan kaadilan lan kabeneran wiwit saiki nganti ing salawas-lawase. Adrenging panggalihe Pangeran Yehuwah Gustine sarwa tumitah bakal nindakake iki.
Nanging Sang Yehuwah nunggil kaliyan kawula kados sang prawira ingkang prakosa, pramila ingkang mbujeng kawula badhe kesandhung lan dhawah, lan boten saged nindakaken punapa-punapa. Sami badhe nandhang wirang sanget, amargi sami boten angsal damel; punika badhe dados kawirangan, ingkang salaminipun boten saged dipun supekaken!
Raja iku bakal tumindak sawenang-wenang, bakal ngluhurake lan ngegungake dhiri ana ing ngarepe sadhengah allah. Uga ana ing ngarsane Gusti Allah kang ngungkuli sakehe allah, bakal ngucapake tembung-tembung kang ora pantes babar-pisan, sarta bakal begja nganti tumeka ing sakatoging bebendu; amarga apa kang wus katetepake iku bakal kelakon.
ngepleki ingkang kapirsanan dening gusti kawula, bilih boten margi saking pandameling tanganipun manungsa, wonten sela ingkang mencelat saking redi lajeng ngremuk tosan, tembagi, lempung, salaka saha kencana wau. Gusti Allah ingkang mahaagung sampun paring uninga dhumateng gusti kawula Sang Prabu bab punapa ingkang ing tembe badhe kalampahan; supena punika leres saha maknanipun kenging pinitados.”
Kongkonan mau padha ngadhep lan matur: “Guru, kula sami sumerep, bilih Panjenengan punika jujur, tuwin boten ajrih dhateng sinten kemawon, amargi Panjenengan boten mawang tiyang, nanging mulangaken bab margining Allah ing saleresipun. Caos paos dhateng Sang Nata Agung punika punapa dipun kengingaken? Kula kedah nyaosi punapa boten?”
“Gusti Allahipun sadaya allah, Sang Yehuwah inggih Gusti Allahipun sadaya allah, Sang Yehuwah, punika ingkang nguningani sarta tiyang Israel pantes ugi nyumerepi! Manawi kalampahanipun punika margi saking kekajengan badhe mbalila utawi boten setya dhumateng Sang Yehuwah, kula sampun ngantos sami kaparingan wilujeng dening Yehuwah ing dinten punika;