PANGANDHARING TORET 10:16 - Kitab Sutji16 Mulane padha netakana atimu lan aja wangkot maneh. Faic an caibideil |
Lah saiki aja padha ngakokake githokmu, kaya para leluhurmu. Masrahna awakmu marang Pangeran Yehuwah lan padha menyanga ing pasucen kang wus kasucekake kanggo ing salawas-lawase sarta padha ngabektia marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, supaya bebendune kang mulad-mulad sumingkira saka ing kowe kabeh.
yaiku anggonira nglilani wong-wong manca, wong-wong kang ora tetak mungguh ing ati lan badane, lumebu ing pasuceningSun lan marga saka mangkono padha najisake pasucen iku nalika sira padha ngunjukake dhaharaningSun, yaiku gajih lan getih. Marga saka panggawenira kang mangkono iku sira padha ngrusak prajanjianingSun ngluwihi sakehing pratingkahira kang nistha kang uwis-uwis.