Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 10:14 - Kitab Sutji

14 Satemene, Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku kang kagungan langit, malah langit ing sadhuwure sakehing langit, apadene bumi dalah saisine kabeh;

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 10:14
21 Iomraidhean Croise  

sarta mberkahi marang Rama Abram, pangandikane: “Sadherek Abram mugi kaberkahana dening Gusti Allah Ingkang Mahaluhur ingkang nitahaken langit lan bumi.


Nanging Rama Abram matur marang raja ing Sodom: “Kula supaos demi Sang Yehuwah, Allah Ingkang Mahaluhur, ingkang nitahaken langit lan bumi,


Nanging punapa inggih sayektos Gusti Allah badhe dedalem wonten ing bumi? Saestunipun langit, malah sanadyan langit ingkang wonten ing sanginggilipun langit sadaya, boten saged ngewrat Paduka, punapa malih padaleman ingkang kawula degaken punika.


Nanging punapa inggih sayektos, bilih Gusti Allah karsa dedalem nunggil kaliyan manungsa wonten ing bumi? Lah langit, malah sanadyan sainggil-inggilipun langit pisan inggih boten saged ngewrat Paduka, punapa malih padaleman ingkang kawula degaken punika.


“Namung Paduka ingkang jumeneng Sang Yehuwah! Paduka ingkang sampun nitahaken langit, malah langiting sadaya langit sabalatantranipun, saha bumi kaliyan sadaya ingkang dumunung ing salumahipun, punapa dene saganten saisen-isenipun sadaya. Punika sadaya Paduka ingkang nggesangi, saha balatantraning langit sami sujud nyembah dhumateng Paduka.


Lenging irunge metu kukuse kaya saka ing kwali kang umob isine kumebul.


Langit iku langit kagunganing Sang Yehuwah, dene bumi wus diparingake marang para anaking manungsa.


He langit kang ngungkuli sakehe langit, padha saosa puji marang Panjenengane! he, banyu kang ana ing sandhuwuring langit!


Masmur anggitane Prabu Dawud. Bumi dalah saisine kabeh kagungane Sang Yehuwah, mangkono uga jagad lan kang padha ngenggoni.


Manawa Ingsun kerapan, ora usah ngandika marang sira, amarga jagad saisine kabeh iku kagunganingSun.


He sakehing karajan ing salumahing bumi, padha ngengidunga kagem Gusti Allah, padha ngidunga masmur kagem Pangeran; (Selah)


Kang iku saiki, manawa sira padha ngestokake dhawuhingSun klawan temen-temen sarta padha netepi prasetyaningSun, mesthi sira padha dadi kekasihingSun pinilih saka ing antarane sakehe bangsa, awit salumahing bumi iku kagunganingSun.


Ature Nabi Musa: “Mangke samedal kawula dhateng sajawining nagari, kawula badhe ngegaraken tangan kawula konjuk ing Pangeran Yehuwah, gludhugipun badhe kendel sarta jawahipun es temtu lajeng terang, supados panjenengan dalem mirsaa, bilih bumi punika kagunganipun Pangeran Yehuwah.


Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Langit iku dhamparingSun lan bumi iku ancik-anciking sampeyaningSun; sira arep padha ngedegake padaleman apa kagem Ingsun, sarta panggonan apa kang bakal dadi palerebaningSun?


Gusti Allah ingkang nitahaken jagad saisinipun sadaya punika, sarehning jumeneng Pangeraning langit lan bumi, pramila boten dumunung wonten ing dalem damelaning manungsa,


Sabab “bumi saisine kabeh iku kagungane Pangeran.”


Nanging yen ana wong kang ngandhani kowe: “Iku sesajening brahala!” aja kokpangan, marga saka kang ngandhani mau lan iya awit saka pangrasaning ati.


Aku weruh sawijining wong Kristen; patbelas taun kapungkur – embuh ing sajroning badan, aku ora mangreti, embuh ing sajabaning badan, aku ora ngreti, Gusti Allah kang nguningani – wong iku dumadakan diangkat menyang ing tataran kang katelu ing swarga.


nindakna pepaken lan katetepane Sang Yehuwah kang dakluntakake marang kowe ing dina iki, supaya ndadekna kabegjanmu.


Ora ana kang madhani Gusti Allah, he Yesyurun. Kang nenitih nglangkungi langit mitulungi kowe, lan ngagem kaluhurane ngambah ing mega.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan