Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 10:13 - Kitab Sutji

13 nindakna pepaken lan katetepane Sang Yehuwah kang dakluntakake marang kowe ing dina iki, supaya ndadekna kabegjanmu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 10:13
7 Iomraidhean Croise  

Lan Sang Prabu Suleman ngatingalake sih-sutresnane marang Sang Yehuwah kalawan netepi pranatan-pranatane Sang Prabu Dawud, kang ramane; mung bae panjenengane isih caos kurban sembelehan lan kekutug ana ing tetengger pangurbanan.


Manawa sira wicaksana, kawicaksananira iku kanggo sira dhewe, sarta manawa sira ambek memoyok, iku sira dhewe kang bakal nanggung.


Karo maneh Ingsun bakal maringi padha tunggal budi lan tunggal tindak-tanduk, temah padha sumuyud marang Ingsun ing sauruting jaman murih becike saturun-turune besuk.


“Kang iku, he wong Israel, apa kang dadi pundhutane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, ora liya mung supaya kowe padha wedi-asiha marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lumakua ana ing dalan kang ditedahake, sarta tresnaa lan ngabektia marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging ati lan gumolonging nyawamu;


Satemene, Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku kang kagungan langit, malah langit ing sadhuwure sakehing langit, apadene bumi dalah saisine kabeh;


Kita padha didhawuhi dening Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, supaya nglakoni sakehe katetepan iku lan supaya padha wedi-asih marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, supaya kita tansah slamet lan supaya kita dilestarekake urip kaya ing dina iki.


Nanging sing sapa nliti angger-angger kang sampurna, yaiku angger-angger kang mardikakake manungsa, sarta nganggo diantepi, dadi ora mung ngrungokake banjur lali, nanging nglakoni temenan, iku bakal rahayu marga saka panggawene dhewe mau.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan