PANGANDHARING TORET 10:12 - Kitab Sutji12 “Kang iku, he wong Israel, apa kang dadi pundhutane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, ora liya mung supaya kowe padha wedi-asiha marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lumakua ana ing dalan kang ditedahake, sarta tresnaa lan ngabektia marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging ati lan gumolonging nyawamu; Faic an caibideil |
Anadene sira, putraningsun Suleman, sira diwanuh kalawan Gusti Allahe ramanira lan ngabektia marang Panjenengane kalawan tulus eklas lan legawaning ati, awit Pangeran Yehuwah iku niti priksa sakehing ati tuwin nguningani sakehing kekarepan lan idham-idhaman. Manawa sira ngupaya marang Panjenengane, Panjenengane rena manawa sira sowani, nanging manawa sira ninggal Panjenengane, sira bakal kabuwang ing salawase.
marga ing dina iki aku prentah marang kowe, supaya kowe tresnaa marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta lumakua ana ing dalan pitedahe, apadene netepana ing pepaken lan katetepan sarta prasetyane, supaya kowe lestaria urip lan tangkar-tumangkara, sarta diberkahana dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing nagara kang kokparani lan bakal kokejegi.
kalawan nresnani marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ngrungokake marang pangandikane sarta rumaket marang Panjenengane; marga yaiku kang njalari uripmu lan dawane umurmu ana ing tanah kang wus diprasetyakake dening Pangeran Yehuwah kalawan supaos, marang para leluhurmu yaiku: Eyang Abraham, Iskak lan Yakub, yen bakal kaparingake.”
Mung ditlaten kang banget anggonmu padha netepi pepakon lan angger-angger kang wus diprentahake dening Nabi Musa abdine Sang Yehuwah marang kowe, bab enggonmu padha tresna marang Sang Yehuwah Gusti Allahmu, lan padha ngambaha ing sakehe dalan pitedhahe, tansah netepi ing pepakene klawan rumaket marang Panjenengane, apadene padha ngabektia klawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu.”