Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 10:10 - Kitab Sutji

10 Aku banjur ana ing dhuwur gunung maneh, lawase patang puluh dina patang puluh bengi kaya kang dhisik, sarta sapisan iki Sang Yehuwah uga nyembadani panyuwunku; Pangeran Yehuwah ora bakal numpes marang kowe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 10:10
10 Iomraidhean Croise  

Nabi Musa tumuli lumebet ing satengahe mega sarta minggah ing ndhuwur gunung; dene Nabi Musa anggone ana ing ndhuwur gunung iku lawase patang puluh dina patang puluh bengi.


Ing kono Pangeran Yehuwah apiduwung ing bab bilai kang wus karancang bakal katandukake marang umate.


Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Panyuwunira iku iya bakal Sunsembadani, awitdene sira wus oleh sih-mirma ana ing ngarsaningSun lan Ingsun wus wanuh marang sira.”


Nabi Musa anggone ana ing kono kalawan Sang Yehuwah lawase patang puluh dina patang puluh bengi, ora dhahar roti lan ora ngunjuk banyu. Anadene panjenengane nyerati sakehing tetembunganing prajanjian ana ing papan watu, yaiku Sabda Sepuluh.


“Bisa nulungi wong liya, kok ora bisa nulungi awake dhewe! Iku Ratu Israel? Cikben mudhun saka ing salib, banjur aku kabeh bakal pracaya.


Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang aku: Wis sira tata-tataa, budhala ngirida bangsa iku, lumebu lan ngejegi nagara kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos marang para leluhure yen bakal Sunparingake.”


Aku tumuli sujud ana ing ngarsane Sang Yehuwah, – anggonku sujud patang puluh dina patang puluh bengi –, marga wus ana pangandikane Pangeran Yehuwah, yen bakal numpes marang kowe kabeh,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan