Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 1:7 - Kitab Sutji

7 padha mbacutna laku, budhala lan paranana pagunungane wong Amori lan sakehe tanggane ing Araba-Yordan, ing pagunungan, ing Dhaerah Pagunungan, ing Tanah Negeb lan ing pasisir, yaiku nagarane wong Kanaan lan ing gunung Libanon nganti tekan ing bengawan gedhe Efrat.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 1:7
19 Iomraidhean Croise  

Sawuse mangkono Rama Abram nglajengake tindake saya adoh menyang ing Tanah Negeb.


Sabanjure Prabu Dawud ngasorake Prabu Hadadezer bin Rekhab, ratu ing Zoba, nalika panjenengane arep mulihake panguwasane ing bengawan Efrat.


Sabanjure Sang Prabu Dawud ngawonake Sang Prabu Hadadezer, ratu ing Zoba, ana ing sacedhake Hamat, nalika pinuju tindak arep ngiyatake pangwaose ing bengawan Efrat.


Kang dadi lelurahing sapi kang padha diengon ana ing tanah Saron yaiku Sang Sitrai, wong ing Saron, dene kang nglurahi sapi kang padha ana ing lebak-lebak yaiku Sang Safat bin Adlai.


Lan ing sisih wetan wilayahe nganti tekan ing pinggire pasamunan, kang gumelar wiwit saka ing bengawan Efrat, amarga raja-kayane wus wuwuh akeh ana ing tanah Gilead.


Ingsun bakal nemtokake tapel-watese tanahira yaiku wiwit sagara Teberau tekan ing sagara Filisti, lan saka ing pasamunan tekan ing bengawan Efrat, awitdene sakehing wong ing nagara kono bakal Sunulungake marang ing tanganira, supaya padha sira tundhung saka ngarepira.


Mangka Ingsun kang wus numpes saka ing ngarepe bangsa Amori, bangsa Amori kang dedege kaya wit eres lan kang santosa kaya wit elon, padha Suntumpes wohe ing dhuwur lan oyode ing ngisor.


Wong Israel banjur padha budhal saka pasamunane gunung Sinai miturut tatananing budhale, anadene mandhege mega ana ing pasamunan Paran.


“Sawuse mangkono kita banjur padha budhal saka ing gunung Horeb, lan padha ngliwati sawratane pasamunan kang jembar lan nggegirisi kang wus padha kokdeleng iku, njujug ing pagunungane bangsa Amori, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah, Gusti Allah kita marang kita; banjur padha tekan ing Kadesy-Barnea.


Balik nagara kang kokparani arep kokejegi iku wujud gunung-gunung lan lebak-lebak, oleh banyu udan saka ing langit;


Saben panggonan kang kokambah iku bakal dadi duwekmu, wiwit saka ing pasamunan nganti tumeka ing pagunungan Libanon, lan saka ing bengawan, yaiku bengawan Efrat, tumeka ing sagara sisih kulon, iku bakal dadi tlatahmu.


Wiwit ing ara-ara samun lan ing gunung Libanon ing sisih kana tutug ing bengawan gedhe, yaiku bengawan Efrat, satlatahe wong Het kabeh lan tutug ing Segara Gedhe ing panggonan suruping srengenge, kabeh iku bakal dadi wewengkonira.


Kaya mangkono anggone Senapati Yusak ngawonake nagara iku kabeh, ing pagunungan, ing tanah Negeb, ing Dhaerah Pagunungan lan ing perenging gunung dalah ratune, ora ana wong siji-sijia kang bisa oncat, kabeh kang ambekan padha dipateni, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel.


Nanging manawa panimbangmu ora prayoga ngabekti marang Pangeran Yehuwah, mara ing dina iki kowe padha miliha, sapa kang arep kokbekteni, apa allah kang dibekteni para leluhurmu ana ing sabrange bengawan Efrat, apa allahe wong Amori kang nagarane padha kokenggoni iki. Nanging mungguh ing aku lan sakulawangsaku iki, aku bakal padha ngabekti marang Pangeran Yehuwah!”


Bareng bab iku kapireng dening para ratu kang ana ing sakulone bengawan Yarden, ing pagunungan, ing tanah ngare lan ing sauruting pesisire segara Gedhe tumeka ing sisih kanane gunung Libanon, yaiku ratune bangsa Het, bangsa Amori, bangsa Kanaan, bangsa Feris, bangsa Hewi lan bangsa Yebus,


Kang dhawuh marang malaekat kang kanem kang ngasta kalasangka mau mangkene: “Malaekat papat kang padha kabanda ana ing sacedhake bengawan Efrat iku uculana.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan