Lah Ingsun bakal jumeneng ana ing ngarepira ana ing dhuwur gunung parang ing Horeb, sira banjur nyabeta parang iku temah bakal metu banyune, satemah bangsa iku bakal padha bisa ngombe.” Nabi Musa iya tumuli ngestokake kaya mangkono ana ing ngarepe para tuwa-tuwane Israel.
Anadene Sang Musa saben-saben ngengen wedhuse Imam Yitro, kang rama marasepuh, imam ing Midian. Nalika ing sawijining dina pinuju nggiring wedhuse nganti ngliwati wates pasamunan, lan rawuh ing gununge Gusti Allah, yaiku gunung Horeb,
Mangkono maneh manawa megane anggone mandheg ana ing sadhuwure Tarub Suci iku nganti rong dina, utawa nganti sesasi utawa luwih, wong Israel iya tetep lereb, ora budhal; nanging samangsa megane mumbul, banjur lagi padha budhal.
Cocog karo apa kang koksuwun marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ing biyen ana ing gunung Horeb, mbeneri kumpulan pangibadah, aturmu: Sampun ngantos kula mireng sabdanipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allah, kula malih, sarta sumerep latu ageng punika, supados kula sampun ngantos nemahi pejah.