PANGANDHARING TORET 1:46 - Kitab Sutji46 Dadine kowe banjur padha kepeksa manggon ana ing Kadesy nganti kapara lawas, yaiku sapira lawase anggonmu manggon ana ing kono.” Faic an caibideil |
Marga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, mberkahi kowe ing sabarang gegaweaning tanganmu. Panjenengane wus ngayomi panglembaramu ana ing pasamunan kang jembar ngilak-ilak iku. Salawase patang puluh taun iki Sang Yehuwah, Gusti Allahmu tansah nunggil karo kowe, temah kowe ora nganti padha kekurangan apa-apa.
Para leluhurira tumuli padha sesambat marang Sang Yehuwah, Panjenengane tumuli ndhatengake peteng ndhedhet ana ing antarane sira lan wong Mesir, sarta ndhatengake banyu segara, satemah wong Mesir iku padha kasasaban ing segara. Mripatira wus padha ndeleng dhewe apa kang Suntandukake marang Mesir. Sawuse mangkono leluhurira padha manggon ana ing ara-ara samun nganti antara lawas.