43 Kowe banjur daktuturi, nanging kowe padha ora ngrewes marang pituturku, malah mbangkang marang dhawuhe Pangeran Yehuwah; kowe padha kaduk wani lan banjur menyang ing pagunungan.
Ewadene lajeng sami mbalela sarta damel sungkawaning Rohipun ingkang suci; mila Panjenenganipun lajeng santun dados mengsahipun, saha nglawan perang piyambak dhateng umatipun.
Esuke isih repet-repet banjur padha tangi, sumedya munggah ing pucake gunung, ature: “Lah sapunika kula sami badhe majeng nglurug ing panggenan ingkang kadhawuhaken dening Pangeran Yehuwah, kula pancen sampun sami damel dosa.”
Balik mungguh wong kang nindakake apa-apa kanthi kajarag, dadia wong Israel asli utawa bangsa liya, iku dadine nyenyamah marang Sang Yehuwah, wong iku katumpesa saka ing satengahe bangsane,
Heh, tiyang ingkang sami wangkot lan ikutan ing manah sarta ing kuping, sampeyan tansah sami nglawan Sang Roh Suci, sami kados leluhur sampeyan, inggih makaten ugi sampeyan sadaya.
Wong kang kumawani ora ngestokake dhawuhe imam kang ngadhep nglakoni ayahane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, utawa marang hakim, wong iku kaukuma pati. Kaya mangkono anggonmu nyingkirake kang ala saka ing satengahe Israel.