42 Nanging Sang Yehuwah tumuli ngandika marang aku: Aja padha nglurug lan aja perang, awitdene Ingsun ora ana ing tengahira, awit sira bakal padha kasoran ana ing ngarepe mungsuhira.
Ana wong sewu kang bakal lumayu marga sumurup ancamaning wong siji, sira kabeh bakal lumayu marga saka ancamaning wong lima, nganti sira kang padha tininggal kaya pal tetengger ing pucaking gunung lan kaya gendera ing dhuwur tetengger.
Sanadyan padha ngopeni anak-anake nganti gedhe, mesthi Sundadekake ora duwe anak, satemah ora ana manungsa maneh. Lah, bilai uga wong-wong iku samangsa wus padha Suntilar!
Ingsun piyambak bakal nglawan marang sira, nganti sira bakal padha kasoran ana ing ngarepe mungsuhira; para kang nyengiti sira iku kang bakal nguwasani sira, sira bakal padha keplayu, sanajan ora ana kang mburu marang sira.
Banjur padha mangsah perang, temah wong Israel padha kasoran, padha keplayu menyang ing pakemahane dhewe-dhewe. Luwih dening banget anggone kasoran. Wong Israel kang mati telung puluh ewu, bala dharatan.
Wong Filisti padha pacak baris adu-arep karo wong Israel. Bareng rame-ramene perang, bala Israel banjur kagecak dening wong Filisti, kang njalari tiwase watara wong patang ewu ana ing satengahe peperangan iku.