Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 1:39 - Kitab Sutji

39 Anadene anak-anakira kang isih cilik kang padha sira arani yen bakal dadi bandhangan lan anak-anakira kang saiki iki, kang durung bisa mbedakake ala lan becik, iya iku kang bakal padha lumebu mrono, lan kang bakal Sunparingi lan ndarbeni nagara iku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 1:39
7 Iomraidhean Croise  

Apa iya Ingsun ora kudu ngeman marang Niniwe, kutha kang gedhe iku, kang pendhudhuke luwih saka satus rongpuluh ewu, kang durung weruh bedane tangan tengen karo tangan kiwa, sarta kang kewane luwih dening akeh iku?”


Punapaa dene kula sami dipun bekta dening Pangeran Yehuwah dhateng tanah ngriki supados sami tiwas dening pedhang, saha anak semah kula sami badhe dados tawanan? Punapa boten langkung prayogi kula sami wangsul kemawon dhateng tanah Mesir?”


Dene anak-anakira kang padha sira arani yen bakal dadi tawanan, iku kang bakal padha Sunirid lumebu ing kono, supaya iku padha ngawruhana tanah kang padha sira tampik.


Sabab nalika bayi-bayi mau durung padha lair, lan durung nglakoni panggawe becik utawa ala, – supaya rancangane Gusti Allah bab pamilihe tetepa, ora adhedhasar ayahan nanging adhedhasar timbalane, –


Satemene biyen aku kabeh uga padha kaetung klebu ing antarane wong-wong iku, nalika urip ana ing sajroning hawa-nepsuning daging lan nuruti pakaremane daging lan pangangen-angenku kang ala. Pancena aku kudu padha kaparingan bebendu, kayadene wong-wong liyane.


nanging anak-anake iku kang didadekake gegentine, yaiku kang padha ditetaki Sang Yusak, ujer isih padha ikutan, amarga ana ing dalan durung ditetaki.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan