Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 1:37 - Kitab Sutji

37 Aku dhewe iya didukani dening Sang Yehuwah marga saka kowe, lan dingandikani: Sira iya mesthi ora bakal lumebu ing kono.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 1:37
12 Iomraidhean Croise  

Nanging Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa lan Imam Harun: “Sarehne sira ora kumandel marang Ingsun lan padha ora ngajeni pangwasaningSun ana ing sangarepe wong Israel, mulane sira padha ora kalilan ngirid pasamuwan iki lumebu ing tanah kang bakal Sunparingake.”


Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Sira ngajaka Yusak bin Nun, wong kang kapenuhan ing roh, sira tumpangana tanganira,


Sira munggaha menyang pucake gunung Pisga, nuli ndelenga mangulon, mangalor, mangidul sarta mangetan lan delengen kang temenan, marga sira bakal ora nyabrang ing bengawan Yarden iki.


Lan sira prentaha marang Yusak; sira bombonga lan sira santosakna atine, marga iku kang bakal nyabrang ngirid lakune bangsa iki, iya dheweke iku kang bakal nuntun nganti padha ndarbeni nagara kang bakal sira deleng iku.


Mangkene pangandikane: “Umurku saiki satus rong puluh taun; aku wus ora bisa giyat maneh, sarta Pangeran Yehuwah wus ngandika marang aku: Sira mesthi ora bakal nyabrang bengawan Yarden iki.


Sira Sunparengake nyawang nagara iku ana ing ngarepira, nanging sira ora kalilan lumebu mrana, menyang ing nagara kang bakal Sunparingake marang wong Israel.”


Tumuli dipangandikani dening Pangeran Yehuwah: “Iki nagara kang Sunprasetyakake kalawan supaos marang Abraham, Iskak lan Yakub, dhawuhingSun: Turunira bakal Sunparingi nagara iku. Sira Sunparengake ndeleng kalawan mripatira dhewe, nanging sira ora bakal nyabrang mrana.”


Nanging Pangeran Yehuwah banjur duka marang aku marga saka kowe, lan supaos, yen aku ora bakal nyabrang ing bengawan Yarden lan ora lumebu ing tanah kang becik kang bakal diparingake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe minangka tanah-pusakamu.


Awit aku bakal mati ana ing nagara kene, bakal ora nyabrang ing bengawan Yarden; nanging kowe kang bakal padha nyabrang lan ngejegi nagara kang becik iku.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan