36 kajaba mung Kaleb bin Yefune kang bakal ndeleng, lan iku saanak-putune kang bakal Sunparingi nagara kang wus diidak iku, marga wus ngantepi pambangun-turute marang Pangeran Yehuwah.
Ing kono Kaleb banjur mbudi-daya nentremake atine wong sabangsa ana ing ngarsane Nabi Musa, pangucape: “Boten! Kula sadaya sami badhe majeng nglurug, ngejegi nagari punika, margi temtu badhe kita kawonaken!”
Mung abdiningSun Kaleb, sarehne kadunungan budi kang beda karo liyane, sarta mantep anggone ndherek marang Ingsun, iku bakal Sunbekta lumebu ing tanah kang wus kelakon didlajahi, lan turune bakal padha ngebeki.
Marga Pangeran Yehuwah wus ngandika: “Iku mesthi bakal padha mati ana ing pasamunan.” Dene panunggalane ora ana kang isih urip kajaba mung Kaleb bin Yefune lan Yusak bin Nun.
Sapa ta kang memungu dukaning Allah, sanadyan padha krungu swarane? Apa dudu wong kabeh kang padha metu saka ing tanah Mesir katuntun dening Nabi Musa?