Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 1:33 - Kitab Sutji

33 kang tansah ngirid lakumu ana ing dalan, milihake panggonan kang kena kokinepi, ing wayah bengi srana geni, lan ing wayah awan srana mega, kanggo nedahake marang kowe dalan kang kudu kokliwati.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 1:33
16 Iomraidhean Croise  

Ing wanci siyang para leluhur wau sami Paduka irid klayan tugu mega, ing wanci dalu klayan tugu latu, kadamel madhangi margi ingkang dipun langkungi.


Gusti Allah nggelar mega kagawe mayungi umate, tuwin geni kang madhangi ing wayah bengi.


Margi Paduka nglangkungi saganten, sarta lurung Paduka nglangkungi nginggiling toya ingkang wiyar, nanging tapak tilas Paduka boten katingal.


ing wayah awan lakune para umat dituntun kalawan mega, ing wayah bengi kalawan padhanging geni.


Bareng wayah bangun esuk, Pangeran Yehuwah mirsani wadya-bala Mesir saka ing tugu geni lan mega, bala Mesir mau tumuli dikisruhake.


Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Kekarening bangsa kang kalis ing pedhang oleh sihpiwelas ana ing ara-ara samun! Israel lunga ngupaya katentremane!


Ing dina iku Ingsun supaos ana ing ngarepe manawa bakal padha Sunbekta saka ing tanah Mesir menyang ing tanah kang Sunpilih supaya dadia ebeke, nagara kang mili susu lan madu, tanah kang endah ing antarane sakehing nagara.


Sarta Ingsun piyambak, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah, – bakal dadi baluwarti geni ing sakubenge, apadene dadi kamulyan ana ing jerone.”


Tumuli padha budhal saka ing gununge Pangeran Yehuwah, dohe nganti lakon telung dina, sarta pethining prasetyane Pangeran Yehuwah diusung ana ing ngarep dhewe sajroning lumaku telung dina mau, golek panggonan kanggo lereb.


temtu badhe cariyos dhateng tiyang ingkang sami manggen ing nagari ngriki, ingkang sampun sami mireng, bilih Paduka Pangeran Yehuwah, wonten ing tengahipun bangsa punika, saha bilih Paduka sampun ngatingal dhateng bangsa punika kalayan aben ajeng, saha bilih sami kaeyuban ing mega Paduka, punapa malih anggen Paduka ngirid lampahipun punika manawi siyang srana tugu mega, manawi dalu srana tugu latu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan