Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 1:31 - Kitab Sutji

31 apadene ana ing pasamunan; ana ing kono kowe wus ngalami jinangkung dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, patrape kaya wong mbopong anake, ana ing sauruting dalan kang wus padha kokambah nganti kowe tekan ing kene.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 1:31
18 Iomraidhean Croise  

Paduka mugi karsaa ngluwari umat Paduka, tuwin karsaa mberkahi kagungan Paduka piyambak, mugi Paduka angen sarta Paduka panggul ing salami-laminipun.


Sira wus padha ndeleng samubarang kang wus Suntandukake marang wong Mesir, sarta anggoningSun nggendhong sira ana ing swiwining manuk garudha, Sunparakake marang ing ngarsaningSun.


Kayadene pangon Panjenengane anggone ngengen pepanthane, sarta iku padha diklempakake kalawan astane; cempene padha dipangku, embokne padha katuntun kalawan ngatos-atos.


ing salebeting karupekanipun sadaya. Sanes duta utawi utusan, nanging Panjenenganipun piyambak ingkang ngluwari; Panjenenganipun ingkang nebus margi saking tresna tuwin welasipun. Ing jaman kina sami dipun junjung saha dipun gendhong.


ora kaya prajanjian kang Sundamel karo leluhure, nalika Ingsun nganthi tangane, ing wektu ngentasake para wong iku saka ing tanah Mesir; prajanjian iku wus diselaki; sanadyan Ingsun jumeneng Gusti, kang nguwasani wong-wong iku, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –.


Anak iku ngajeni bapakne, lan abdi iku ngajeni bendarane. Manawa Ingsun iku jumeneng Rama, endi pakurmatan kang marang Ingsun iku? Sarta manawa Ingsun iki dadi bendara, endi rasa wedi kang marang Ingsun iku? – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi marang kowe kabeh, – he, para imam kang ngremehake asmaningSun? Nanging sira padha munjuk pitakon: “Kanthi patrap kadospundi anggen kawula ngremehaken asma Paduka?”


Kawula boten kuwawi nyanggi piyambak tanggel-jawab tumrap tiyang sabangsa punika sadaya, awit punika kawraten tumrap kawula.


Salebetipun kawan dasa taun Panjenenganipun atindak sabar tumrap sadaya pratingkahipun wonten ing ara-ara-samun.


He bangsa golongan kang gemblung lan tanpa budi, apa iku pamalesmu marang Pangeran Yehuwah? Iku rak Ramamu kang nitahake kowe, kang nganakake lan kang nguwatake kowe.


Mulane kowe mangretia kang temenan, yen Sang Yehuwah, Gusti Allahmu anggone mulang marang kowe kaya pamulange wong tuwa marang anake.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan