Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 1:30 - Kitab Sutji

30 Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu kang ngirid lakumu iku, kang bakal nyarirani perangmu, patrape kaya kang wus ditandukake marang kowe nalika ana ing tanah Mesir lan iku iya padha koksipati,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 1:30
30 Iomraidhean Croise  

Kang ngrewangi dheweke iku tangan manungsa, nanging kang ngrencangi kita iku Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, kang mbiyantu kita lan kang nyarirani perang kita.” Marga saka pangandikane Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda kang mangkono iku rakyat nuli tetep maneh atine.


Sawuse kabeh dakulatake, aku tumuli ngadeg mituturi marang para pemimpin lan para panggedhe tuwin wong akeh liyane: “Sampun sami ajrih dhateng tiyang-tiyang punika, sami engeta dhateng Gusti Allah ingkang mahaagung lan nggegirisi sarta sami nglampahana perang nglabuhi sadherek-sadherek panjenengan, para putra panjenengan jaler estri, garwa panjenengan lan pemahan panjenengan.”


Manawi mireng swaraning kalasangka, nunten sami nglempaka murugi kula. Gusti Allah kita ingkang badhe nyarirani perang kita!”


“Menenga lan ngretia, manawa Ingsun iku Allah! Ingsun kaluhurake ana ing tengahing para bangsa, linuhurake ana ing bumi!”


Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Tanganira athungna marang langit, nuli bakal ana pepeteng kang nyrambahi tanah Mesir, nganti wong padha gagap-gagap ing sajroning peteng mau.”


Pangeran Yehuwah kang bakal nyarirani perang nyulihi kowe, dene kowe bakal padha meneng bae.”


Rodhane kreta didadekake miring njalari rekasa banget majune, temah wong Mesir banjur padha sapocapan: “Payo padha lumayu bae ninggal wong Israel, awitdene Pangeran Yehuwah kang nyarirani perange nglawan wong Mesir.”


Sira wus padha ndeleng samubarang kang wus Suntandukake marang wong Mesir, sarta anggoningSun nggendhong sira ana ing swiwining manuk garudha, Sunparakake marang ing ngarsaningSun.


Kang iku apa kang bakal kita gunem tumrap kabeh mau? Manawa Gusti Allah ana ing pihak kita, sapa kang bakal nglawan kita?


Nanging mungguhing bab iku mau kabeh, kita padha ngungkuli wong kang padha menang, jalaran saka Panjenengane kang wus ngasihi kita.


Aku banjur mituturi kowe: Aja padha giris, lan aja wedi karo wong-wong iku.


pratandha lan pakaryane kang ditindakake ana ing Mesir marang Sang Prabu Pringon, ratu ing Mesir lan marang ing saindenging nagarane,


Nabi Musa nimbali sagolongane wong Israel kabeh kadhawuhan nglumpuk, banjur padha dipangandikani mangkene: “Kowe wus padha ndeleng apa sapandamele Sang Yehuwah ana ing tanah Mesir marang Sang Prabu Pringon lan sakehe para abdine lan marang ing saindenging nagarane,


Mulane aja wedi, marga Sang Yehuwah, Gusti Allahmu kang nyarirani perangmu.”


Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, piyambak kang bakal nuntun nyabrang lakumu, iya Panjenengane piyambak kang bakal numpes bangsa-bangsa iku saka ing ngarepmu, satemah kowe banjur bisa ngebeki nagarane; Yusak kang bakal nuntun nyabrang lakumu, kaya kang dadi dhawuhe Sang Yehuwah.


ing bab sakehe pratandha lan kaelokan, kang katindakake marga saka dhawuhe Pangeran Yehuwah ana ing tanah Mesir tumrap marang Sang Prabu Pringon lan marang sakehe para abdine sarta sawratane nagarane,


Karomaneh apa tau ana allah kang rawuh mundhut bangsa saka satengahe bangsa liya dadi kagungane, srana nindakake panyoba lan pratandha sarta kaelokan apadene perang, kalawan asta kang rosa lan lengen kang kaulukake lan kalawan pagiris kang ngedab-edabi, kaya kang wus ditandukake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, kanggo kowe ana ing Mesir kang padha koksipati?


kowe aja wedi karo wong iku; tansah elinga, apa kang wus dadi pandamele Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, marang Sang Prabu Pringon lan marang saindenge tanah Mesir,


Durung tau ana dina kang kaya mangkono mau, saprana-saprene; dene Sang Yehuwah nganti midhangetake panyuwune manungsa kang kaya mangkono, amarga Sang Yehuwah piyambak kang nyarirani perange wong Israel.


Sakehe ratu iku mau lan nagarane padha ditelukake dening Senapati Yusak ing sajrone salampahan bae, amarga Sang Yehuwah, Gusti Allahe wong Israel kang nyarirani perange Israel.


lan kowe padha weruh dhewe apa kang wus ditandukake dening Sang Yehuwah Gusti Allahmu marang sakehe bangsa ing kene marga saka kowe kabeh, sabab Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu iku kang nyarirani perangmu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan