Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 1:28 - Kitab Sutji

28 Kita banjur arep menyang ing ngendi? Sadulur-sadulurku wus padha gawe remuking atiku srana ngucap mangkene: Bangsa ing kono iku cacahe akeh, dedege ngungkuli aku, kutha-kuthane gedhe-gedhe lan balowartine sundhul ing langit, karodene aku iya padha ndeleng wong bani Enak ana ing kono.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 1:28
20 Iomraidhean Croise  

Pangucape maneh: “Payo padha yasa kutha, nganggo menara kang pucake sundhul langit, supaya jeneng kita dadi misuwur lan kita aja nganti pating slebar ana ing salumahe bumi.”


Ing wekdal punika para pangageng ing Edom sami geger, para pangwaos ing Moab sami kataman ing giris; tiyang isinipun tanah Kanaan sami gumeter.


Awit saka iku sakehing tangan bakal dadi lemes, lan atine saben manungsa bakal luluh,


Dene manawa padha takon marang sira: Yagene kowe sesambat? Wangsulana: Marga saka ana pawarta! Manawa pawarta iku wus sumebar, saben wong atine bakal remuk lan sakehe tangan dadi jimpe, sakehe semangat ilang lan sakehe wong padha giris nganti kapoyuh-poyuh. Lah iku bakal teka lan mesthi bakal kelakon. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”


Aku banjur mituturi kowe: Aja padha giris, lan aja wedi karo wong-wong iku.


Maune tanah iku dienggoni dening bangsa Emim, iku bangsa kang gedhe lan akeh cacah-jiwane, sarta dedege dhuwur kaya bangsa Enak;


Mung wit-witan kang wohe ora kena dipangan iku kena kokrusak lan koktegori, kanggo gawe pager pangepunganing kutha kang nglawan marang kowe, nganti kutha iku bedhah.”


Sawuse mangkono para panggedhe mau nyambungana pitembungane marang para prajurite mangkene: Sapa panunggalanmu kang wedi lan lembek atine iku mundura muliha menyang ing omahe, supaya atine para sadulure aja nganti ajur luluh kaya atine wong iku.


Saupama kowe duwe osik: Bangsa-bangsa iku cacahe ngungkuli bangsaku, kapriye anggonku bisa nundhungi?,


Ora ana bangsa Enak kang isih ana ing nagarane wong Israel, kejaba mung kang ana ing Gaza, ing Gat lan Asdod, ing kono kang isih ana.


Nanging para sadherek kula ingkang sami tumut lampah kula sami damel pepesing manahipun tiyang sabangsa; ewadene kula tetep mantep dhateng Pangeran Yehuwah Gusti Allah kula, kanthi gumolonging manah.


Lan rama Kaleb nundhung wong Enak telu saka ing kono yaiku: Sesai, Ahiman lan Talmai, anak-anake Enak.


Sareng kula sami mireng bab punika, manah kula sami lemes tanpa daya sarta boten wonten tiyang satunggal-tunggala ingkang taksih gadhah krekat wonten ing ngarsa panjenengan, amargi Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, punika Gusti Allah ingkang wonten ing langit ing nginggil saha ing bumi ing ngandhap.


Ature marang Sang Senapati Yusak: “Yehuwah sampun maringaken saindenging nagari punika dhateng ing tangan kita, malah sakathahipun tiyang saisinipun negari punika sampun sami kekes wonten ing ngajeng kita.”


sarta kandha: “Kula sumerep, bilih Sang Yehuwah sampun maringaken tanah punika dhateng panjenengan, sarta kula sami kataman giris margi saking panjenengan, punapa dene sakathahing tiyang pribumi ing ngriki sami gumeter wonten ing ngarsa panjenengan,


Yehuda tumuli nglurugi wong Kanaan kang manggon ana ing Hebron – jenenge Hebron biyen Kiryat-Arba – sarta ngesorake Sesai, Ahiman lan Talmai.


Hebron iku wus kaparingke marang Rama Kaleb kayadene kang biyen wus kadhawuhake Nabi Musa. Rama kaleb banjur nundhungi turune Enak tetelu saka ing kono.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan