PANGANDHARING TORET 1:27 - Kitab Sutji27 Kowe padha pating kedumel ana ing tarubmu, pangucapmu; Pangeran Yehuwah anggone ngirid metu saka ing tanah Mesir iku marga aku padha disengiti, arep diulungake marang tangane bangsa Amori, supaya padha ditumpes. Faic an caibideil |
ature: “Adhuh, punapaa kula boten sami pejah kemawon dening astaning Pangeran Yehuwah wonten ing tanah Mesir, nalika sami ngadhep kuwali isi daging sarta roti ngantos tuwuk? Awit anggen panjenengan ngirid kula dhateng pasamunan punika, murih kula sapasamuwan punika sami pejah sadaya, margi saking kaliren.”
Pangandikane Nabi Musa maneh: “Yen mengko sore kowe padha diparingi daging dening Pangeran Yehuwah lan esuke diparingi roti nganti wareg, iku awit Pangeran Yehuwah wus miyarsa panggrundelmu kang padha koktujokake ing Panjenengane. Aku iki apa ta? Dudu aku kang kokkedumeli iku, nanging Pangeran Yehuwah.”
banjur nglawan marang Gusti Allah lan marang Nabi Musa, pangucape: “Kenging punapa kula kok sami panjenengan kesahaken saking tanah Mesir? Punapa supados kula sami pejah wonten ing pasamunan ngriki? Ing ngriki boten wonten roti lan boten wonten toya, mangka kula sampun sami bosen dhateng tetedhan ingkang boten wonten raosipun punika.”
supados nagari, pinangkanipun anggen kawula sami Paduka entasaken punika sampun ngantos sami cariyos: Sarehne Sang Yehuwah ora kaconggah nglebokake bangsa iku menyang ing tanah kang wus dijanjekake marang wong-wong iku, lan marga saka sengite, mulane wong iku padha diirid metu arep dipateni ana ing pasamunan.