Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 1:26 - Kitab Sutji

26 Ewadene kowe padha ora wani nglurug mrana, sarta padha mbangkang marang dhawuhe Sang Yehuwah, Gusti Allahmu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 1:26
9 Iomraidhean Croise  

Nanging tiyang-tiyang wau, inggih punika para leluhur kawula, sami tumindak gumunggung saha sami ngakenaken githokipun sarta boten mituhu dhateng pepaken-pepaken Paduka.


Ewadene lajeng sami mbalela sarta damel sungkawaning Rohipun ingkang suci; mila Panjenenganipun lajeng santun dados mengsahipun, saha nglawan perang piyambak dhateng umatipun.


Mung bae aja padha mbalela marang Sang Yehuwah, lan aja wedi marang bangsa ing nagara kono, marga mesthi bakal kita ganyang nganti entek. Wong-wong mau wus koncadan kang dadi pangayomane, mangka Pangeran Yehuwah nunggil kalawan kita, mulane wong-wong iku aja padha kokwedeni.”


Heh, tiyang ingkang sami wangkot lan ikutan ing manah sarta ing kuping, sampeyan tansah sami nglawan Sang Roh Suci, sami kados leluhur sampeyan, inggih makaten ugi sampeyan sadaya.


Apadene padha njupuk woh-wohan sawatara pametune nagara iku, digawa mudhun lan diladekake marang kita. Sarta padha ngaturi katrangan mangkene: Saestu, nagari ingkang badhe dipun paringaken dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, dhateng kita punika sae.


Kowe banjur daktuturi, nanging kowe padha ora ngrewes marang pituturku, malah mbangkang marang dhawuhe Pangeran Yehuwah; kowe padha kaduk wani lan banjur menyang ing pagunungan.


Mangkono uga nalika Sang Yehuwah dhawuh marang kowe supaya mangkat saka ing Kadesy-Barnea, pangandikane: Padha mangkata, ngejegana nagara peparingingSun marang sira, ing kono kowe padha mbangkang marang dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu; kowe ora nggugu marang Panjenengane lan ora ngestokake dhawuhe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan