kapriye kaanane tanahe, loh apa cengkar, apa akeh wit-witane apa ora. Padha ditatag lan nggawaa pametune tanah sawatara.” Anadene nalika iku mbeneri mangsa miwiti ngundhuh woh anggur.
bareng wus padha tekan ing lebak Eskol, sarta wus ndeleng tanahe, nuli padha gawe nglokroning atine wong Israel, temah padha wegah menyang ing tanah peparinge Sang Yehuwah marang para umate.
Apadene padha njupuk woh-wohan sawatara pametune nagara iku, digawa mudhun lan diladekake marang kita. Sarta padha ngaturi katrangan mangkene: Saestu, nagari ingkang badhe dipun paringaken dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, dhateng kita punika sae.