PANGANDHARING TORET 1:2 - Kitab Sutji2 Saka ing gunung Horeb metu pagunungan Seir tekan Kadesy-Barnea iku lakon sawelas dina. Faic an caibideil |
“Sawuse mangkono kita banjur padha budhal saka ing gunung Horeb, lan padha ngliwati sawratane pasamunan kang jembar lan nggegirisi kang wus padha kokdeleng iku, njujug ing pagunungane bangsa Amori, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah, Gusti Allah kita marang kita; banjur padha tekan ing Kadesy-Barnea.
Mangkono uga nalika Sang Yehuwah dhawuh marang kowe supaya mangkat saka ing Kadesy-Barnea, pangandikane: Padha mangkata, ngejegana nagara peparingingSun marang sira, ing kono kowe padha mbangkang marang dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu; kowe ora nggugu marang Panjenengane lan ora ngestokake dhawuhe.
Wong bani Yehuda padha sowan marang ing ngarsane Senapati Yusak ana ing Gilgal. Ing nalika iku Kaleb bin Yefune, wong Kenas matur marang panjenengane: “Panjenengan sampun nguningani pangandikanipun Sang Yehuwah dhateng Nabi Musa, abdinipun Pangeran, ing ngatasipun kula sami ugi kados tumrap panjenengan wonten ing Kadesy-Barnea.