Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 1:15 - Kitab Sutji

15 Aku banjur milih pemimpin saka antaraning talermu, yaiku: wong-wong kang wicaksana lan sugih pangalaman, padha dakangkat dadi pemimpinmu, yaiku ana kang dadi panggedhening wadya-bala sewu, satus, seket sarta dadi panggedhening wadya-bala sapuluh tuwin dadi panggedhe kang nata wadya-bala kanggo taler-talermu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 1:15
12 Iomraidhean Croise  

Kajaba saka iku, sliramu dakaturi nitik lan ngangkat panunggalane bangsa iki kang sembada lan ngabekti marang Gusti Allah, wong-wong kang kena dipracaya, lan ora gelem nampani besel; iku ditetepna dadi pemimpin kang nglurahi wong sewu, pemimpine wong satus, wong seket sarta wong sapuluh.


Gusti Allah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Sira munggaha sebaa marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah, sira lan Harun, Nadab lan Abihu apadene para tuwa-tuwane Israel wong pitung puluh, nuli padha sujuda saka ing kadohan.


Dene kang dadi kanthinira tumrap saben taler wong siji, minangka pemimpine kulawangsane.


Nabi Musa tumuli duka banget marang para panggedhening wadyabala, para panewu lan panatus kang padha mulih saka ing paprangan;


Lan iya Panjenengane kang paring para rasul, nabi, juru Injil, pangon lan pamulang,


Ing kono atur wangsulanmu: Prakawis ingkang panjenengan karsakaken punika pancen prayogi dipun lampahi.


Lan ing waktu samana aku banjur prentah marang para hakimmu, mangkane: Padha nggatekna marang prakarane para sadulurmu, lan padha gawea putusan kang adil, dadia ing antarane sawijining wong karo sadulure, utawa karo bangsa liya kang ana ing satengahmu.


“Kowe ngangkata hakim-hakim lan tetindhih-tetindhih ana ing kutha-kuthamu kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe miturut taler-talermu; iku padha ngakimana bangsa iku kalawan pangadilan kang jejeg.


Lan keju kang sepuluh iki caosna marang panggedhene wadya-bala sewu. Takokna kaslametane kakang-kakangmu lan ulihmu nggawaa pratandha saka kana.


Sang Prabu nuli ngandika marang para punggawa kang padha ngadhep: “He para wong Benyamin, padha rungokna. Apa anake Isai uga arep ngwenehi sira kabeh pategalan lan pakebonan anggur, apa sira kabeh bakal didadekake tetindhihe bala sewu utawa satus,


panjenengane bakal ngangkat wong-wong iku dadi panggedhening bala sewu lan panggedhene bala seket; bakal padha nggarap pategalane lan ngeneni kagem panjenengane; nggawekake gegaman lan pirantining kretane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan