Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 1:11 - Kitab Sutji

11 Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu muga-muga ngundhakana cacahmu nganti tikel sewu, lan kowe muga padha diberkahana, kaya kang wus dadi prasetyane marang kowe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 1:11
16 Iomraidhean Croise  

Rama Abram banjur diirid medal ing jaba sarta dipangandikani: “Sira tumengaa marang ing langit lan lintange etungen, yen sira bisa ngetung cacahe.” Tumuli disambeti pangandika maneh: “Iya samono bakal cacahe turunira.”


mulane sira bakal Sunberkahi nganti luber lan turunira bakal Suntangkar-tangkarake cacahe nganti kaya lintang ing langit lan kaya wedhi ing pinggir segara, sarta turunira bakal ngebeki gapurane mungsuhe.


Karomaneh Ingsun bakal ngakehake turunira kaya lintang ing langit; lan turunira bakal Sunparingi tanah iki kabeh; sarta marga saka turunira sakehe bangsa ing bumi bakal binerkahan.


marga saka Allahe bapakmu kang bakal mitulungi kowe, lan marga saka Kang Mahakawasa kang mberkahi kowe, klawan berkah kang luber saka ing langit dhuwur, berkah saka telenging samodra kang ana ing ngisor, berkah saka ing payudara lan guwa-garba.


Senapati Yoab banjur munjuk marang Sang Prabu: “Sang Yehuwah mugi mewahana kathahipun kawula tikela satus tinimbang ingkang sapunika tuwin mugi tingal dalem nguningani piyambak. Nanging kenging punapa dene gusti kawula Sang Prabu kok ngarsakaken ingkang kados makaten?”


Unjuke Sang Yoab: “Mugi-mugi Pangeran Yehuwah mewahana kaping satusipun ingkang wonten punika. Dhuh Gusti kawula Sang Prabu, punapa sadaya punika sanes abdi paduka? Punapa sababipun dene Gusti kawula kok kagungan karsa makaten? Punapa sebabipun dene tiyang Israel kedah nanggel kalepatan margi saking prakawis punika?”


Pangeran Yehuwah muga ndadekna kowe padha tangkar-tumangkar, iya kowe lan anak-putumu.


Paduka mugi karsaa enget dhateng abdi Paduka, Rama Abraham, Rama Iskak lan Rama Israel, ingkang sampun Paduka paringi prasetya kanthi supaos dhemi sarira Paduka pribadi saha sami Paduka pangandikani: Turunira bakal Suntangkar-tangkarake nganti kaya lintang ing langit, lan tanah kang wus Sunjanjekake iku kabeh bakal Sunparingake marang turunira, supaya dadi darbeke ing salawas-lawase.”


lan dadi gedhe kaya tetuwuhan ing ara-ara! Sira dadi gedhe tuwin wus cukup umurira, malah banjur wus diwasa; payudaranira menter-menter, rambutira wus thukul, nanging sira wuda mblejed.


Dhawuhe Gusti Allah marang Bileam: “Sira aja melu wong-wong iku; bangsa iku aja sira ipat-ipati, marga wus kanggonan berkah.”


Kaya mangkono anggonira padha kudu ngetrapake asmaningSun marang wong Israel, temah bakal padha Sunberkahi.”


Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu wus ndadekake kowe padha bebranahan, ing dina iki cacahmu wus kaya lintang ing langit.


Nanging manawa ijen aku mangsa kelara mikul tanggung-jawab bab kasusahanmu, bab karepotanmu lan prakaramu.


Wruhanira, nagara iku wus Sunulungake marang sira; padha lumebua, manggona ing tanah kang wus diprasetyakake dening Sang Yehuwah kalawan supaos marang leluhurira Abraham, Iskak lan Yakub, yen bakal kaparingake marang dheweke kabeh lan saturun-turune.”


Para leluhurmu anggone menyang ing tanah Mesir cacah-jiwane pitung puluh, nanging saiki Pangeran Yehuwah Gusti Allahmu, wus ndadekake cacah-jiwamu kaya lintang ing langit.”


Temah kekarenmu mung sathithik, mangka maune cacahmu iku kaya lintang ing langit; mulane mangkono awit kowe ora ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan