PANGANDHARING TORET 1:10 - Kitab Sutji10 Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu wus ndadekake kowe padha bebranahan, ing dina iki cacahmu wus kaya lintang ing langit. Faic an caibideil |
Paduka mugi karsaa enget dhateng abdi Paduka, Rama Abraham, Rama Iskak lan Rama Israel, ingkang sampun Paduka paringi prasetya kanthi supaos dhemi sarira Paduka pribadi saha sami Paduka pangandikani: Turunira bakal Suntangkar-tangkarake nganti kaya lintang ing langit, lan tanah kang wus Sunjanjekake iku kabeh bakal Sunparingake marang turunira, supaya dadi darbeke ing salawas-lawase.”
Kowe banjur nglairna pangaku ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, mangkene: Leluhur kawula rumiyin punika tiyang Aram, tiyang nglembara, lajeng kesah dhateng Mesir kanthi mbekta brayat sakedhik, dados tiyang neneka wonten ing ngriku, mangka wonten ing ngriku lajeng dados bangsa ingkang ageng, kiyat sarta kathah cacahipun.