Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 1:1 - Kitab Sutji

1 Iki pangandikane kang didhawuhake dening Nabi Musa marang wong Israel kabeh ana ing sabrange bengawan Yarden, ing pasamunan, ing tanah rata Araba-Yordan, penere Suf, ing antarane Paran karo Tofel, Laban, Hazerot lan Di-Zahab.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 1:1
29 Iomraidhean Croise  

Pamanggone ana ing pasamunan Paran, sarta digolekake sisihan dening ibune saka ing tanah Mesir.


Anggone padha mangkat saka ing Midian, banjur menyang ing Paran. Ana ing kono ngajak wong sawatara nuli tekan ing Mesir ing ngarsane Sang Prabu Pringon, ratu ing Mesir. Sang Hadad kaparingan dalem, lan ditemtokake blanjane sarta diparingi bumi dening Sang Prabu.


Gusti Allah rawuh saka ing tanah Teman, sarta Kang Mahasuci saka ing pagunungan Paran, (sela). Kamulyane nasabi sakurebe langit, lan bumi kebak pamuji marang Panjenengane.


Wong Israel banjur padha budhal saka pasamunane gunung Sinai miturut tatananing budhale, anadene mandhege mega ana ing pasamunan Paran.


Saka ing Kibrot-Taawa umat mau banjur budhal menyang Hazerot, tumuli lereb ana ing kono.


Sawuse mangkono banjur budhal saka ing Hazerot, banjur padha lereb ana ing pasamunan Paran.


tumuli terus sowan marang ngarsane Nabi Musa, Imam Harun lan sagolonganing pasamuwane wong Israel ana ing Kadesy ing pasamunan Paran, ngaturi pratela marang panjenengane lan marang wong sapasamuwan kabeh, klawan padha dituduhi pametune tanah.


Nabi Musa banjur ngirimake wong kang bakal padha nelik mau saka ing pasamunan Paran, miturut dhawuhe Sang Yehuwah, kabeh iku pemimpine wong Israel.


awitdene kula sami boten badhe purun nampeni siti pusaka wonten ing sabranging benawi Yarden ing salajengipun, manawi kula sampun sami angsal panduman wonten ing sawetaning benawi Yarden ngriki.”


Kula badhe sami nyabrang kanthi sikep dedamel wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah dhateng tanah Kanaan, dene panduman kula siti lestantuna wonten ing sabranging benawi Yarden punika.”


Sarta ature maneh: “Manawi kula sami angsal sih wonten ing ngarsa panjenengan, tanah punika mugi kaparingna dhateng para ingkang abdi dadosa darbek kula, kula mugi sampun ngantos sami kadhawuhan pindhah dhateng sabranging benawi Yarden.”


Nuli budhal saka Rimon-Peres lan leren ana ing Libna.


Banjur budhal saka Libna lan leren ana ing Risa.


Loro satengah taler iku wus padha tampa tanah pusaka ana ing sabrangane bengawan Yarden ing sacedhake Yerikho sapangetan.”


Kutha kang telu dumununga ing sabrange bengawan Yarden kene, dene kang telu sira temtokna ana ing tanah Kanaan; iku kabeh padha dadia kutha pangungsen.


Sawuse iku kita mbacutake laku, ngliwati tlatahe sadulur kita Esap, kang padha manggon ana ing pagunungan Seir, metu dalan saka Araba-Yordan, yaiku saka ing Elat lan ing Ezion-Geber. Sawuse iku kita padha menggok ing dalan kang anjog ing pasamunane tanah Moab.


Nabi Musa kanthi tuwa-tuwane Israel banjur ndhawuhi marang bangsa iku mangkene: “Kowe padha nggatekna sakehe pepakon kang dakprentahake marang kowe ing dina iki.


Iki surasane prajanjian kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa, supaya kadhawuhna marang wong Israel ana ing tanah Moab, kajaba prajanjian kang wus kaanakake kalawan wong-wong mau ana ing gunung Horeb.


Sawuse mangkono Nabi Musa banjur tindak sarta nglairake sakehing pangandika iki marang wong Israel kabeh.


pangandikane mangkene: “Pangeran Yehuwah rawuh saka ing gunung Sinai, nedhaki umate saka ing Seir. Panjenengane ngatingal kalawan cahya mencorong saka ing pagunungan Paran, lan rawuh saka ing antarane para suci puluhan ewu; ing tengahe katon geni murub.


ing sabrange bengawan Yarden, ing lebak ing sangarepe Bet-Peor, ana ing nagarane Prabu Sihon, ratune wong Amori kang akedhaton ana ing Hesybon, kang dikalahake dening Nabi Musa lan wong Israel nalika wus padha metu saka ing tanah Mesir;


Nabi Musa banjur nimbali nglumpuk wong Israel kabeh sarta padha didhawuhi: “He wong Israel, padha ngrungokna katetepan lan pranatan kang dakgelarake marang kowe ing dina iki, supaya padha kokpindeng lan koklakoni kalawan setya.


Anadene saiki Sang Yehuwah Gusti Allahmu wus paring tentrem marang para sedulurmu, kaya kang wus dadi prasetyane; mulane saiki kowe padha muliha menyang kemahmu, iya menyang bumi darbekmu, peparinge Nabi Musa abdine Sang Yehuwah marang kowe ana sabrange bengawan Yarden.


Anadene mungguh talere Manasye kang separo iku wus padha diparingi panduman dening Nabi Musa ana ing tanah Basan; dene separone wus diparingi panduman dening Senapati Yusak ana ing antarane para sadulure ing sakulone bengawan Yarden. Iku wus uga dililani mulih menyang ing kemahe dening Senapati Yusak kalawan padha disangoni berkah,


banyu kang mili saka ing dhuwur banjur mambeg. Banyu kang mili saka ing dhuwur angendhukur dadi bendungan, dawa banget nganti tekan ing sacedhake kutha Adam, kang kaprenah ana ing sisihe Sartan; dene banyu kang mili menyang ing Segara Araba, yaiku Segara Asin, iku pedhot babar pisan. Bangsa Israel tumuli padha nyabrang prenahe ana ing ngarepe kutha Yerikho.


Bareng bab iku kapireng dening para ratu kang ana ing sakulone bengawan Yarden, ing pagunungan, ing tanah ngare lan ing sauruting pesisire segara Gedhe tumeka ing sisih kanane gunung Libanon, yaiku ratune bangsa Het, bangsa Amori, bangsa Kanaan, bangsa Feris, bangsa Hewi lan bangsa Yebus,


saha samukawis ingkang katandukaken dhateng ratunipun bangsa Amori kekalih ingkang wonten ing sabrangipun benawi Yarden, Sang Prabu Sihon, ratu ing Hesybon kaliyan Sang Prabu Og, ratu ing nagari Basan, ingkang akedhaton wonten ing Asytarot.


Kacarita Nabi Samuel seda; sakehe wong Israel padha nglumpuk nangisi lan metak panjenengane ana ing daleme ing Rama. Lan Sang Dawud nuli tata-tata sarta banjur bidhal menyang ing ara-ara samun ing Paran.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan