NEHEMYA 9:2 - Kitab Sutji2 Turune wong Israel padha misah saka ing sarupaning wong liya bangsa, tumuli padha ngadeg kambi ngakoni dosane tuwin paneraking para leluhure. Faic an caibideil |
Sawuse lelakon iku mau kabeh, para panggedhe nuli padha ngrawuhi aku lan ngandika: “Umat Israel saha para imam tuwin para tiyang Lewi punika sami boten nebihi para tiyang ing tanah ngriki saha lampahipun ingkang nistha, inggih punika tiyang Kanaan, tiyang Het, tiyang Feris, tiyang Yebus, tiyang Amon, tiyang Moab, tiyang Mesir saha tiyang Amori.
Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, Paduka punika mahaadil, amargi kawula sami taksih dipun parengaken lestantun kados dene tiyang ingkang oncat, kadosdene ingkang kelampahan ing dinten punika. Lah sapunika kawula sami sowan wonten ing ngarsa Paduka, klayan mbekta kalepatan kawula. Mangka saestunipun ing salebeting kawontenan ingkang makaten wau, boten wonten tiyang ingkang saged lestantun wonten ing ngarsa Paduka.”
mugi talingan Paduka tumilinga saha paningal Paduka mugi nguninganana, supados miyarsakaken ing pandonganipun abdi Paduka, ingkang kawula unjukaken wonten ing ngarsa Paduka rinten lan dalu kangge para kawula Paduka, tiyang Israel, kalayan ngakeni dosa, ingkang sampun sami kawula lampahi dhumateng Paduka. Ugi kawula dalah kulawarga kawula inggih sampun sami damel dosa.
Lan wong liyane yaiku: para imam, para wong Lewi, para jaga gapura lan para pasindhen, para abdi ing padalemaning Allah lan sakehing wong kang wus padha misah saka para bangsa kang manggon ing kono, banjur madhep marang angger-anggere Gusti Allah, mangkono uga bojone lan anak-anake lanang wadon lan uga sakehe wong kang wus padha diwasa temah bisa mangreti.
Iku padha ngumpul karo sadulur-sadulure, yaiku para panggedhene. Padha prajanji kalawan supata yen bakal manut marang angger-anggere Gusti Allah kang diparingake lumantar Nabi Musa, abdine Gusti Allah iku, sarta bakal netepi lan ngestokake sakehing pepakene Sang Yehuwah, yaiku Gustiku kabeh, sarta saliring pranatan lan katetepane.