Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




NEHEMYA 9:1 - Kitab Sutji

1 Ing tanggal patlikur sasi iku uga, wong Israel padha nglumpuk lan puwasa kalawan manganggo sandhangan prihatin sarta sirahe kawur-wuran lemah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




NEHEMYA 9:1
22 Iomraidhean Croise  

ing dina katelune ana wong panunggalane balane Sang Prabu Saul, panganggone rowak-rawek, lan sirahe kawur-wuran lemah. Bareng tekan ing ngarsane Sang Senapati Dawud, sujud konjem ing bumi sarta nyembah.


Sang Prabu Yosafat dadine ajrih lan banjur mutus arep ngupaya Pangeran Yehuwah sarta ngundhangake pasa ing satanah Yehuda kabeh.


Ing dina kang kaping telulikur, sasi kang kapitu wong kabeh padha kalilan mundur mulih menyang ing tarube kalawan bungah lan seneng awit saka kadarman kang wus kaparingake dening Pangeran Yehuwah marang Sang Prabu Dawud, marang Sang Prabu Suleman, sarta marang wong Israel, umate.


Aku tumuli ngundhangake puwasa ana ing pinggire kali Ahawa kono, kareben aku padha ngesorake dhiri ana ing ngarsane Gusti Allah kita sarta nyuwun slameting lakuku marang Panjenengane tumrap aku kabeh, anak-anakku apadene tumrap sabarang darbekku kabeh.


Dadine aku banjur padha puwasa sarta padha ngunjukake bab iku marang Gusti Allah lan Gusti Allah uga nyembadani panyuwunku.


nuli wong sabangsa kabeh padha sarujuk nglumpuk ana ing plataran sangareping gapura Banyu. Panyuwune marang Imam Ezra ahli kitab, supaya mundhut kitabe Toret Nabi Musa, yaiku kitab angger-angger kang wus kadhawuhake Sang Yehuwah marang Israel.


“Sumangga sampeyan nglempakaken sakathahipun tiyang Yahudi ingkang wonten ing Susan; kula sami sampeyan siyamaken, sampun nedha lan ngombe rinten dalu, ngantos tigang dinten dangunipun! Rinten kalayan dalu. Kula kaliyan para cethi kula ugi badhe siyam; dene sasampunipun, sanadyan kula nerak angger-anggeripun, Sang Prabu, kula badhe marak ing ngarsanipun Sang Prabu; manawi kula kapeksa pejah, kajengipun kula pejah.”


Ing saben dhaerah kang wus tampa dhawuh undhang-undhange Sang Prabu, wong-wonge Yahudi padha susah banget banjur padha puwasa tuwin nangis sarta sesambat, akeh kang padha turu alemek bagor lan awu.


Kocapa, nalika ndeleng saka ing kadohan, padha pangling marang Ayub, sarta seru anggone padha nangis; apamaneh padha nyuwek-nyuwek jubahe, tuwin nyawurake lebu mandhuwur, nglarabi sirahe.


Ing nalika iku Pangeran, Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitah dhawuh marang wong supaya nangis lan sesambat kalawan gundhul lan manganggo bagor;


Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: “Nanging saiki uga, padha mratobata marang Ingsun kalawan gumolonging atinira, kalawan puwasa, lan nangis sarta sambat-sambat.”


“Sira ndhawuhana marang wong Israel, mangkene: Ing sasi kapitu mau tanggale ping limalas, iku dina riyaya tarub kagem Pangeran Yehuwah lawase pitung dina.


Nanging ing sasi kapitu tanggale ping limalas, ing waktu nglumpukake pametune buminira, ing kono sira padha nganakna pahargyan sumaos marang Pangeran Yehuwah pitung dina lawase; dinane kapisan iku dina ngaso babar pisan, mangkono uga dinane kawolu, iku uga dina ngaso babar pisan.


Senapati Yusak nuli nyuwek pangagemane sarta sujud sumungkem konjem ing bumi ana ing ngarepe pethining Yehuwah nganti tumeka ing wayah sore, bebarengan karo para tuwa-tuwane Israel, kambi nguwur-nguwuri lebu ing mustakane.


Anadene seksiningSun loro bakal Sundhawuhi medhar wangsit lawase sewu rong atus sawidak dina kalawan manganggo bagor.”


Wong Israel kabeh, yaiku wong sabangsa kabeh banjur padha mangkat menyang ing Betel, ana ing kono padha nangis ana ing ngarsane Sang Yehuwah, sarta padha puwasa sadina iku nganti ing wayah sore, apadene padha nyaosake kurban obaran lan kurban slametan ana ing ngarsane Sang Yehuwah.


Ana sawijining wong saka taler Benyamin kang keplayu saka ing paprangan lan ing dina iku uga tekan ing Silo kalawan nganggo sandhangan rowak-rawek sarta sirahe kawur-wuran lemah.


Bareng wis padha ngumpul ana ing Mizpa, banjur padha nyidhuki banyu lan disuntak ana ing ngarsane Sang Yehuwah. Apadene padha puwasa lan matur ana ing kono: “Kula sampun sami nglampahi dosa dhumateng Sang Yehuwah.” Lan Nabi Samuel banjur ngakimi wong Israel ana ing Mizpa.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan