Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




NEHEMYA 8:9 - Kitab Sutji

9 Perangan-perangane ing kitab iku, yaiku Torete Gusti Allah, kawacakake kalawan cetha lan diterangake, satemah wong-wong padha ngreti surasane.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




NEHEMYA 8:9
30 Iomraidhean Croise  

Bareng Sang Nata wus midhangetake pangandika ing Kitab Toret iku, banjur nyuwek-nyuwek pangagemane.


sarehne sira wus nalangsa lan wus ngesorake awakira ana ing ngarsaning Sang Yehuwah nalika sira krungu bab paukuman kang Sunpangandikakake tumrap panggonan iki lan kang padha manggon ing kene, yaiku manawa bakal padha dadi pagiris lan dadi ipat-ipat, sarta ing sarehne sira nyuwek-nyuwek panganggonira lan nangis ana ing ngarsaningSun, tuwin Ingsun iya wus midhangetake iku, – makaten pangandikaning Sang Yehuwah, –


Sampun dangu sanget Israel anggenipun tanpa Gusti Allah ingkang leres, tanpa piwulang saking imam saha tanpa angger-angger.


Sang Prabu Hizkia paring pangalembana marang sakehe wong Lewi kang anggone leladi marang Pangeran Yehuwah kanthi wasis. Kaya mangkono anggone wong-wong padha mangan pangan riyaya ing sajrone pitung dina, kambi saos kurban slametan sarta ngunjukake panuwun marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure.


Bareng Sang Prabu midhanget sabdaning Toret mau, banjur nyuwek-nyuwek pangagemane.


“Padha mangkata, ingsun padha suwunna pitedah marang Pangeran Yehuwah, kanggo para kang isih kari ana ing Yehuda, bab sabdaning kitab kang katemu iki, sabab bebenduning Pangeran Yehuwah nggegirisi banget kang kaesokake marang kita, amarga para leluhur kita padha ora netepi pangandikaning Sang Yehuwah kalawan nindakake trep kaya kang tinulis ing kitab iki!”


Sang Prabu ngandika marang para wong Lewi, kang padha aweh piwulang marang wong Israel lan para wong kang kasucekake kagem Pangeran Yehuwah: “Pethi suci iku prenahna ana ing dalem yasane Sang Prabu Suleman putrane Sang Prabu Dawud, ratu ing Israel. Ora usah sira usung maneh. Saiki sira padha leladia marang Pangeran Yehuwah, Allahira, lan Israel, umate!


Lan tumrap wong-wong mau kadhawuhake dening kepala dhaerah, manawa ora diparengake mangan sesaosan kang suci pinunjul, nganti ana imam kang jumeneng kang ngasta Urim lan Tumim.


Iki turunane layang paringe Sang Prabu Artahsasta marang Imam Ezra, imam lan ahli Kitab, kang wasis ing bab isining sakehe pepaken lan pranatane Sang Yehuwah marang Israel:


Kang padha ngecapi layang prajanjian mau yaiku: Sang Nehemya bin Hakhaliya, kepala dhaerah lan Zedekia,


Wong-wong iku uripe nalika jamane Yoyakim bin Yesua bin Yozadak lan ing jamane Sang Bupati Nehemya lan Imam Ezra, ahli kitab.


Lan tumrap wong-wong iku ditetepake dening kepala dhaerah, manawa ora kena mangan sesengkeran kang pinunjul, nganti ana imam kang tumindak kanthi ngasta Urim lan Tumim.


Panunggalane para panggedhene kulawangsa iku padha nguruni kanggo wragading pagawean, dene kepala dhaerah anggone asok kanggo pasadhiyan waragad rupa mas sewu dirham, bokor panyiraman seket iji lan klambi rangkepan pangagemaning imam limang atus telung puluh.


nuli wong sabangsa kabeh padha sarujuk nglumpuk ana ing plataran sangareping gapura Banyu. Panyuwune marang Imam Ezra ahli kitab, supaya mundhut kitabe Toret Nabi Musa, yaiku kitab angger-angger kang wus kadhawuhake Sang Yehuwah marang Israel.


Ana wayahe nangis, ana wayahe ngguyu; ana wayahe sesambat, ana wayahe jejogedan.


ngganjar marang wong-wong mau rerenggan sirah minangka gegentining awu, lenga-pesta minangka liruning bagor, kidung pangalembana minangka gegentining jiwa kang nglentrih, supaya wong-wong mau padha kaaranan “wit elah ing bab kabeneran”, “tanemaning Pangeran Yehuwah” kanggo ngatonake kaluhurane.


UmatingSun sirna marga ora wanuh marang Allah, amarga sira kang emoh wanuh, mulane sira Suntampik dadi imamingSun, lan sarehne sira iku ngungkurake piwulange Gusti Allahira, mulane Ingsun uga bakal nyingkur marang anak-anakira.


“Sira ndhawuhana wong Israel mangkene: Ing sasi kapitu tanggal sapisan ing sasi iku, iku sira dadekna dina pangasoan, dina pangeling-eling kanthi swaraning kalasangka yaiku dina kumpulan suci.


Kaping pindhone iki kang padha koklakoni: Misbyahe Sang Yehuwah koktutupi luh kanthi panangis lan pasambat, marga Panjenengane wus ora karsa noleh maneh marang pisungsungmu, sarta ora karsa nampeni iku saka ing tanganmu.


Sabab siji bae ora ana wong kang kabenerake ana ing ngarsane Gusti Allah marga saka anggone netepi angger-anggering Toret; awit malah iya marga saka angger-anggering Toret iku wong padha nyumurupi dosa.


Ing maune aku iki urip tanpa angger-anggering Toret, nanging satekane pepakon mau, dosa wiwit urip,


Kowe nuli padha bungah-bungaha ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya kowe dhewe, iya anak-anakmu lanang lan wadon, batur-baturmu lanang lan wadon, dalah wong Lewi kang dedunung ana ing panggonanmu, marga iku ora melu nduweni tanah pusaka ing tengahmu.


Sarta ana ing kono ana ing ngarsane Sang Yehuwah padha mangana, kowe dalah sabrayatmu padha giyak-giyaka, marga kabeh kang padha koktindakake padha diberkahi dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.


Kowe padha bungah-bungaha ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya kowe dalah anakmu lanang lan wadon, baturmu lanang lan wadon, wong Lewi kang ana ing panggonanmu, wong bangsa liya karo bocah lola lan randha kang ana ing tengahmu, ana ing panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kagem padalemaning asmane.


Ing salebetipun kawula kaprihatosan, pisungsung sengkeran punika boten wonten ingkang kawula tedha, inggih boten wonten ingkang kawula singkiraken salebetipun kawula najis, saha ugi boten wonten ingkang kawula sukakaken kangge kaperluanipun tiyang pejah. Kawula sampun ngestokaken dhawuhipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula, saha nglampahi samukawis ingkang Paduka dhawuhaken dhateng kawula.


Padha rumangsaa kesrakat, padha prihatina sarta nangisa; guyumu salinana tangis, sarta kabungahanmu salinana prihatin.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan